PARAGA WANITA SAJRONE CERBUNG TRESNAKU MUNG SEPISAN ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTINGAN KRITIK SASTRA FEMINIS

  • FUNGKY RATANIAWATI

Abstract

 

 

Abstrak

Ismoe Rianto salah sawijining pangripta kang aktip lan kondhang ing jagading kasusastran Jawa. Asil karyane kang arupa cerbung akeh sing kapacak ana ing kalawarti-kalawarti Basa Jawa, kayata Maela, Candhik Ala, Mecaki Lurung Ilang, Alibi, Pucuk Kayun, lan sing paling anyar yaiku Cerbung Tresnaku Mung Sepisan. Cerbung iki narik kawigaten awit ngrembug paraga-paraga wanita sing mandhiri.  Cerbung iki bakal dikaji kanthi tintingan kritik sastra feminis. Sadurunge dianalisis kanthi kritik sastra feminis luwih dhisik bakal dianalisis kanthi analisis struktur sing dipunjerake ing pamaragan sajroning Cerbung Tresnaku Mung Sepisan. Panliten iki nggunakake konsep kritik sastra feminis yaiku ora ateges kritik ngenani wanita, utawa kritik ngenani pangripta wanita, ananging tegese kririk sastra feminis yaiku pengkritik kang ndeleng sastra kanthi rasa sadhar banget, sadhar yen ana jinis kelamin kang nduweni gegayutan karo budaya, sastra, lan panguripan.

Gegayutan karo andharan mau underaning panliten iki yaiku: (1) kepriye gegambaran wewatekane paraga wanita ing Cerbung Tresnaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto, (2) kepriye perane paraga wanita ing Cerbung Tresnaku Mung Sepisan Ismoe Rianto, (3) kepriye gegambarane wanita utama ing Cerbung Trenaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto.

Adhedhasar underaning panliten kadudut ancasing panliten kaya mengkene: (1) njlentrehake gegambaran wewatekane paraga wanita ing Cerbung Trenaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto, (2) njlentrehake peran paraga wanita ing Cerbung Trenaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto, (3) njlentrehake gegambarane wanita utama ing Cerbung Trenaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto.

Panliten iki diajab bisa menehi paedah, dene paedahe yaiku: (1) tumrap Sastra Jawa Modern, panliten iki bisa menehi sumbangan tumrap pangrembakane telaah karya sastra kang nggunakake tintingan kritik sastra feminis, saengga bisa menehi panjurung marang pangrembakane tintingan karya sastra kang nggunakake teori kasebut, (2) tumrap piwulangan sastra, panliten iki bisa digunakake minangka bahan pasinaonan apresiasi sastra, (3) tumrap pamaos, panliten iki bisa nambahi wawasan sajroning nyinaoni karya sastra cerbung kanthi nggunakake teori kritik sastra feminis.

Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber data panliten iki yaiku Cerbung Tresnaku Mung Sepisan anggitane Ismoe Rianto kang kapacak ing Kalawarti Panjebar Semangat ing taun 2011-2012. Kanggo data panlitene awujud tembung-tembung, frasa utawa ukara-ukara kang gegayutan karo gegambaran wewatekane paraga wanita, perane paraga wanita, gegambaran wanita utama sajroning Cerbung Tresnaku Mung Sepisan. Tata cara nglumpukake data kanthi cara maca lan nyathet. Banjur diolah kanthi nggunakake teknik analisis data kualitatif.

                Asiling panliten bisa didudut telung perangan lan laras karo underaning panliten. Dudutan kapisan ngenani gegambaran wewatekane paraga wanita. Saka gegambaran wewatekane paraga wanita sajroning Cerbung Tresnaku Mung Sepisan, kasebut bisa didudut yen ana sing nduweni watak apik lan ana sing nduweni watak ala. Paraga kang nduweni watak apik yaiku paraga utamane dhewe yaiku Sudi Yatmini Putri, banjur Estuningsih, Tuminah, lan Bintarti. Paraga kang nduweni wewatekan ala yaiku Wara Sayekti lan Mak Wiji. Dudutan kapindho yaiku ngenani perane wanita sajroning Cerbung Tresnaku Mung Sepisan, paraga-paraga wanita ing cerbung iki wis kasil ngayahi kuwajibane ing perane dhewe-dhewe. Dudutan katelu yaiku ngenani gegambaran wanita utama kang bisa didudud saka sakehing wewatekane paraga-paraga wanita sajroning Cerbung Tresnaku Mung Sepisan. Wewatekane paraga-paraga wanita iki mujudake wewatekan wanita sing bisa diarani utama, awit paraga wanita iki nduweni wewatekan yaiku, setya, ngabekti marang wong tuwa, seneng tetulung, sregep makarya, merbawani, perduli marang liyan, nduweni prinsip, sabar, ditresnani dening wong akeh, professional, nduweni prestasi lan potensi, nduwei gegayuhan luhur, nduweni tanggung jawab, lan sing pungkasan mandhiri. Gegambaran ngenani wewatekane paraga wanita kasebut nuduhake yen karya sastra sing awujud cerbung iki minangka karya sastra sing apik amarga mapanake wanita kanthi kalungguhan sing becik ora dikritik.

Published
2013-06-24
How to Cite
RATANIAWATI, F. (2013). PARAGA WANITA SAJRONE CERBUNG TRESNAKU MUNG SEPISAN ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTINGAN KRITIK SASTRA FEMINIS. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract Views: 77
PDF Downloads: 45