KADURJANAN SAJRONE NOVEL DAHURU ING LOJI KEPENCIL ANGGITANE SUPARTO BRATA (TINTINGAN PSIKOLOGI SOSIAL)

  • AININ NADZIROH

Abstract

Ainin Nadziroh, Drs. Bambang Purnomo, M.Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

ainin.nadziroh13@gmail.com

Abstrak

 

Kadurjanan mujudake tumindak sing bakale ngrugekake liyan, ngrusak, lan asusila. Akeh karya sastra sing diripta pengarang sing nyritakake bab kadurjanan utawa tumindak kasar. Kadurjanan minangka fenomena Psikologi Sosial mujudake gegambaran ngenani prekara-prekara sosial sajrone bebrayan. Tindak durjana utawa tindak kriminal bisa kawujud amarga anane bab-bab kang asipat psikologis. Faktor sosial kaya dene frustasi mujudake unsur dominan kang mangaribawani tumrap tindak durjana.

Underane panliten iki yaiku (1) kepriye gegambaran kadurjanan sajrone novel DILK; (2) apa wae sing njalari dumadine kadurjanan sajrone novel DILK; (3) kepriye pamungkasing kadurjanan sajrone novel DILK. Tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake gegambarane kadurjanan sajrone novel DILK; (2) ngandharake apa wae sing njalari dumadine kadurjanan sajrone novel DILK; (3) ngandharake pamungkasing  kadurjanan sajrone novel DILK. Paedahe panliten yaiku ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure.

Panliten iki nggunakake teori Psikologi sastra, mligine Psikologi Sosial. Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel Dahuru ing Loji Kepencil lan koran-koran, sarta majalah-majalah basa Jawa kayata Jayabaya lan Panjebar Semangat. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone novel Dahuru ing Loji Kepencil. Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan.

Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, gegambaran utawa wujud kadurjanan sajrone novel ing antarane yaiku (1) merjaya, (2) nyolong, (3) ngrudapeksa, (4) nggunakake gaman/senjata, (5) nyerang. Kapindho, sing njalari dumadine kadurjanan yaiku, (1) nuju ing kebebasan, (2) frustasi, bisa diperang maneh dadi telu yaiku frustasi iku dhewe, tumindak kasar ing media, ngombe inuman mendemi, (3) faktor psikologi, bisa diperang maneh dadi loro yaiku kurange pendidikan, lan ora bisa ngendhalekake awak, (4) faktor sosial anane kadurjanan disebabake saka pangaribawane kanca.

Published
2015-08-18
How to Cite
NADZIROH, A. (2015). KADURJANAN SAJRONE NOVEL DAHURU ING LOJI KEPENCIL ANGGITANE SUPARTO BRATA (TINTINGAN PSIKOLOGI SOSIAL). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 133
PDF Downloads: 48