NILAI MORAL ING SERAT KEPATEN OBOR TINTINGAN STRUKTURAL

  • ALFIAN ROFIQI

Abstract

Alfian Rofiqi, Dra. Suwarni, M.Pd.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Alfian.rofiqi@gmail.com

Abstrak

 

Serat Kepaten Obor minangka reriptan sastra Jawa klasik merga nduweni titikan nggunakake metrum tembang macapat lan ninggalake basa Sansekerta. Serat Kepaten Obor iki uga akeh ngemu piwulang moral, mula saka iku panliti njupuk irah-irahan Nilai Moral ing Serat Kepaten Obor.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye struktur serat Kepaten Obor?, (2) Apa wae nilai-nilai moral sing kinandhut ing serat Kepaten Obor?, (3) Apa fungsi nilai moral serat Kepaten Obor ing jaman saiki. Ancasing panliten yaiku: (1) Ngandharake  ngenani struktur serat Kepaten Obor, (2) Ngandharake nilai-nilai moral sing kinandhut ing serat Kepaten Obor, (3) Ngandharake ngenani fungsi serat Kepaten Obor ing jaman saiki. Paedah saka panliten iki yaiku: (1) Tumrap panliti, diajab bisa kanggo ngecakake kawruh lan katrampilan sing wis ditampa nalika kuliyah, (2) Tumrap sastra Jawa modern, diajab bisa menehi sumbangan tumrap ngrembakane telaah karya sastra sing nggunakake tintingan struktural, (3) Tumrap piwulang sastra, diajab bisa digunakake minangka piranti anggone nyinaoni apresiasi sastra lan uga bisa digunakake tumrap kritik sastra, (4) Tumrap pamaca, diajab bisa njembarake kawruh nalika ngrembug ngenani nilai moral. supaya bisa tumindak kang luwih becik.

Panliten ing Serat Kepaten Obor nggunakake panliten dheskriptif kualitatif. Analisis dheskriptif kualitatif yaiku analisis sing ditindakake kanthi cara ngandharake kedadeyan-kedadeyan sing ana ing Serat, banjur disusul karo anane analisis. Sumber dhata sing utama sajrone panliten iki yaiku Serat Kepaten Obor saka Museum Radya Pustaka, Surakarta. Dhata sing bakal diteliti ing panliten iki arupa sakabehe tembung-tembung lan ukara sajrone Serat Kepaten Obor. Mligine tembung-tembung utawa ukara sing ngandhut nilai moral sing gegayutan karo pribadhi, wong liya, lan pangeran. Tata carane nglumpukake dhata nggunakake teknik pustaka lan cathet. 1) Teknik pustaka, teknik sing ditindakake kanthi nglumpukake dhata arupa buku kang nyengkuyung panliten lan nggampangake panliti kanggo mikolehi rreferensi, 2) Teknik cathet, teknik iki ditindakake kanthi maca sakabehane Serat Kepaten Obor lan menehi tandha marang catetan tartamtu.

Kanggo mangerteni lan ngandharake reriptan sastra, ora bisa uwal saka analisis struktur karya iku dhewe. Struktur Serat Kepaten Obor iki nyakup tema, paraga, lan latar. Tema ing Serat Kepaten Obor iki kaperang dadi loro yaiku tema mayor “Kaprawiran” lan minor sing bisa ditemoni saben pupuh. Paraga lan pamaragan yaiku Subur, Nyi Warandha, Singakrama, Prabu Naranata, Pangeran Dipati, lan patih. Latar kaperang dadi telu yaiku latar sosial kaya wong desa lan wong praja. Latar wektu kayata awan, bengi, lan isuk. lan Latar panggonan kayata desa, alas, lan praja.

Nilai moral nggambarake kekarepan pangripta marang pamacane. Kekarepan iku bisa awujud nilai sing asipat didaktis. Moral ing Serat Kepaten Obor iki kaperang dadi telu. (1) moral kang nduweni sesambungane antarene  manungsa karo individu, (2) moral kang nduweni sesambungan antarane manungsa karo manungsa liyane (ing babagan sosial), (3)moral kang nduweni sesambungan antarane manungsa karo Gustine.

Serat Kepaten Obor nduweni fungsi ganda yaiku fungsi panglipur kanthi cara menehi crita-crita sing bisa nggawa pawongan lumebu ing alam imajinasine. Menehi kaendahan lan makna tumrap panguripan kayata kasangsaran, kabungahan, lan kematian. Uga nduweni paedah tumrap pamacane yaiku minangka sarana kanggo menehi piwulang ngenani babagan becik lan ala. Reriptan sastra uga digunakake kanggo nggambarake lelakone urip masyarakat lan minangka sarana kritik sosial.

Published
2015-08-19
How to Cite
ROFIQI, A. (2015). NILAI MORAL ING SERAT KEPATEN OBOR TINTINGAN STRUKTURAL. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 57
PDF Downloads: 30