PROBLEM KAJIWANE PARAGA UTAMA WANITA SAJRONE NOVEL PURNAMA KINGKIN ANGGITANE SUNARYATA SOEMARDJO (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD)

  • ANDI FEBRIANTO

Abstract

Andi Febrianto, Prof. Dr. Darni, M.Hun

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Febrianandi889@gmail.com

Abstrak

 

Paraga utama wanita sajroning novel Purnama Kingkin yaiku Asih. Asih minangka paraga utama kang ngalami maneka warna problem kajiwan. Problem kajiwan utawa problem batin mujudake problem kang dumadi sajroning ati utawa jiwane paraga. Problem kajiwan kang tuwuh sajroning paraga utama amerga akeh pepinginan sing ana ing atine kang ora disembadani jalaran antarane pamikir lan pangrasane beda. Mula tintingan kang dianggep paling trep digunakake kanggo njlentrehake kapribaden lan problem kajiwane paraga utama wanita yaiku tintingan psikoanalisis Sigmund Freud.

                   Adhedhasar andharan ing ndhuwu, underaning panliten sajroning panliten iki yaiku: (1) kepriye struktur kapribadene paraga utama wanita sajrone  novel Purnama Kingkin?, (2) kepriye problem kajiwane paraga utama wanita sajrone novel Purnama Kingkin?, (3) Kepriye mekanisme pertahanan ego sajrone novel Purnama Kingkin?. Adhedhasar prekara-prekara kasebut, mula ancase panliten iki yaiku: (1) ngandharake struktur kapribadene paraga utama wanita sajrone  novel Purnama Kingkin, (2) ngandharake problem kajiwane paraga utama wanita sajrone novel Purnama Kingkin, (3) ngandharake mekanisme pertahanan ego sajrone novel Purnama Kingkin. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: (1) Kanggo studi sastra, panliten iki dikarepake bisa menehi sumbang sih kanggo ngrembakake pengetahuan bab telaah sastra mligine ngenani psikologi sastra, (2) Kanggo pamaos, panliten iki bisaa menehi greget kanggo nglestarekake sastra mligine sastra Jawa kang saya suwe saya ilang utawa bisa nambahi referensi tumrap sapa wae kang maca, (3) Kanggo piwulangan sastra, panliten iki muga-muga bisa didadekake sumber informasi kritik sastra ing sajroning pengajaran sastra ing donyane pawiyatan, (4) Kanggo panliten sabanjure, bisa kanggo refrensi tumrap panlitene.

                   Panliten iki minangka panliten kualitatif kang nggunakake metodhe diskriptif. Sumber dhatane yaiku teks novel Purnama Kingkin anggitane Soenaryata Soemardjo, kanthi dhata awujud tembung-tembung, ukara lan wacan kang ana gegayutan karo underaning panliten. Teknik ngolah dhata kang digunakake yaiku analisis dhata, diskripsi asil analisis, lan dudutan asil panliten.

                   Andharan asiling panliten mujudake maneka warna gegambaran ngenani psikologi sastra mligine ing psikoanalisis Sigmund Freud. Asih minangka paraga utama wanita kang nduweni id kang luwih gedhe tinimbang ego lan superego. Kanthi id sing luwih gedhe, pepinginan-pepinginan sajroning atine akeh kang ora disembadani karo ego-ne. Mula antarane id karo ego ora bisa selaras utawa id ora disembadani karo ego lan superego bakal nuwuhake problem kajiwane paraga utama wanita, amerga paraga utama wanita amung nduweni pepinginan sajroning atine tanpa pengin mujudake.

                   Problem kajiwane kang onjo sajrone paraga utama wanita ing novel iki ana lima, yaiku bingung, sedhih, keduwung, kuwatir, lan luput. Saka kalima problem kasebut sing paling onjo yaiku ngenani bingung, amerga sajroning atine ora nduweni sesambungan antarane pepenginan lan upayane. Problem kajiwan kasebut tuwuh amerga id, ego, lan superego kang kadhang ora bisa lumaku kanthi selaras.

                Mekanisme kang digunakake ana papat yaiku rasionalisasi, sublimasi, represi lan proyeksi. Rasionalisasi minangka wujud mekanisme pertahanan kang digunakake dening pawongan kanggo mbenerake tumindake marang awake dhewe lan wong liya. Sublimasi kalebu cara sing ditindakake kanggo ngilangi rasa ora kepenak ing ati kanthi cara nglipur dhiri utawa nindakake pakaryan sing luwih miguna.  Proyeksi minangka sawijining tumindak kang ditindakake pawongan kanggo nutupi tumindak salahe kanthi sengaja. Represi yaiku mekanisme sing ditindakake ego kanggo ngurangi rasa kuwatir kantrhi cara meksa dorongan-dorongan utawa pepinginan sing dadi panyebabe rasa kuwatir kasebut menyang sajrone ora sadhar. Mekanisme kang digunakake beda-beda amerga problem kang dialami uga beda-beda.  Mula mbutuhake mekanisme tartamtu kanggo mungkasi bab tartantu.

Published
2015-08-19
How to Cite
FEBRIANTO, A. (2015). PROBLEM KAJIWANE PARAGA UTAMA WANITA SAJRONE NOVEL PURNAMA KINGKIN ANGGITANE SUNARYATA SOEMARDJO (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 56
PDF Downloads: 40