LEGENDHA GROJOGAN PLETUK ING DHUSUN KRANGGAN DESA JURUG KECAMATAN SOOKO KABUPATEN PONOROGO

  • YAYANG ARMADANI PRATIWI

Abstract

Yayang Armadani Pratiwi, Dra. Sri Sulistiani, M. Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Andaruyayang@yahoo.co.id

Abstrak

 

. Legendha minangka sawijine kedadeyan kang bener-bener kelakon. Legendha kalebu karya sastra kang ora ditulis nanging digethok tularake kanthi cara lisan. Anane crita rakyat nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap bebrayan. Wujud Legendha Grojogan Pletuk iki bakal kadhudhah nggunakake tintingan folklor. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye mula bukane legendha Grojogan Pletuk; (2) kepriye struktur legendha; (3) nilai budaya apa bae kang ana; (4 apa pigunane; (5) Kepriye tanggapane masyarakat. Tujuwan saka panliten iki yaiku (1) njlentrehake mula bukane  legendha Grojogan Pletuk; (2) njlentrehake struktur; (3) pigunane; (4) nilai budaya; (5)tanggapane masyarakat.

Teori kang digunakake ing panliten iki yaiku: (1) babagan mula buka legendha nggunakake konsep folklor lisan dening Danadjaya; (2) struktur legendha nggunakake struktur Levi-Straus yaiku struktur kang kasusun saka patang paparan yaiku tataran geografis, ekonomi, tataran sosiologis, tataran kosmologis ;(3) nilai budaya nggunakake konsep Lantini diperang dadi telu yaiku nilai didaktik, etik lan religi; (4) Fungsi legendha nggunakake konsep Bascom; (5) tanggapan masyarakat ngenani panemune warga desa nggawe angket.

Metodhe kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa crita lisan saka telung informan lan saka buku. Dhatane panliten yaiku asil wawancara karo informan kang ngerteni babagan legendha Grojogan Pletuk. Asile panliten iki bisa diperang dadi papat adhedhasar underane panliten. Sepisan gegambaran mula bukane legendha nduweni gegayutan karo mula bukane desa Jurug. Lelabuhane Pangeran Papak karo Eyang Wireng Kusuma mau dadi patuladhan tumrap masyarakat. Pangeran Papak kang diutus ngresiki wit miri panji wite malah dikethoki nganthi entek, banjur pas pucuke metu banyune lan dijenengne Grojogan Pletuk.

Wujud nilai budaya legendha kuwi ana telu, yaiku: 1) nilai didaktik; 2) nilai etik; 3) nilai religius. Fungsi sajrone legendha Grojogan Pletuk, yaiku: 1) minangka hiburan;  2) minangka alat pangesahan pranata lan lembaga kabudayan; 3) minangka piranti panggulawentah marang anak; 4) minangka piranti kang bisa meksa lan ngawasi aturan masyarakat. Tanggapan masyarakat tumrap legendha Grojogan Pletuk yaiku akeh masyarakat kang ora ngerti ngenani crita legendha Grojogan Pletuk kang samesthine.

Published
2015-08-21
How to Cite
ARMADANI PRATIWI, Y. (2015). LEGENDHA GROJOGAN PLETUK ING DHUSUN KRANGGAN DESA JURUG KECAMATAN SOOKO KABUPATEN PONOROGO. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 43
PDF Downloads: 26