NILAI MORAL SAJRONE NOVEL “ULEGAN”ANGGITANE JAROT SETYONO TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

  • DEWI PUTRI PERDANI

Abstract

Dewi Putri Perdani, Dra. Suwarni, M.Pd.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

dewidanika@gmail.com

Abstrak

 

Novel Ulegan bisa diarani salah siji wedharane pangripta ngenani apa kang kedadeyan sajrone masyarakat Jawa umume. Novel iki patut didadekake panliten amarga sajrone novel ngandhut perangan kang mligi arupa aspek moral, kang bisa didadekake patuladhan ngurip masyarakat Jawa. Saliyane iku, perangan strukturale novel uga kudu ditliti kanggo nyengkuyung panliten ngenani nilai-nilai sajrone novel.

Adhedhasar iku, tuwuh telu underan panliten, yaiku kepriye: (1) aspek tematik, (2) paraga lan pamaragan, lan (3) nilai-nilai moral sajrone novel Ulegan anggitane Jarot Setyono. Tujuwane panliten saemper karo underane panliten, yaiku ngandharake: (1) perangan aspek tematik, (2) paraga lan pamaragan, (3) nilai-nilai moral sajrone novel Ulegan anggitane Jarot Setyono. Paedahe panliten yaiku panliten iki diajab supaya bisa: (1) digunakake kanggo nambah wawasan lan nyengkuyung ngrembakane sastra Jawa modern, (2) dadi acuan kanggo nganakake panliten sabanjure minangka bahan pertimbangan kanggo panemu anyar kang luwih kreatif, (3) menehi pangerten marang pamaos ngenani tintingan sosiologi sastra kanggo ngonceki karya sastra lan uga bisa nggampangake anggone pamaos mangerteni isi kang kinandhut sajrone novel Ulegan anggitane Jarot Setyono, (4) dadi materi ajar kanggone para guru, dene marang siswa kanggo nambah kawruh ngenani babagan sastra.

Selaras karo tujuwan panlitene panliten nilai moral kalebu panliten kualitatif sing nggunakake tintingan sosiologi sastra. Metode sing digunakake arupa deskriptif analisis, arupa ukara-ukara saka data panliten sing diandharake. Teknik pangumpulan datane nggunakake studi kapustakan, sing digunakake kanggo ngumpulake datane novel. Saliyane iku, kanggo nggayutake kahanane masyarakat supaya bisa nemokake saperangan nilai moral, nggunakake observasi nonpartisipan.

Pendekatan sing digunakake yaiku: pendekatan struktural, pendekatan sosiologis, lan pendekatan hermeneutika. Pendekatan struktural kanggo nggoleki aspek tematik lan paraga-pamaragan critane novel. Pendekatan sosiologis digunakake kanggo nggoleki kahanan masyarakat sing kalebu nilai moral, sabanjure digayutake karo kahanan sajrone novel. Pendekatan hermeneutika digunakake kanggo nemtokake pamawas teges sing luwih amba saka perangan nilai moral sing gegayutan karo carane urip masyarakat Jawa.

Adhedhasar asile analisis data sing nggunakake tintingan sosiologi sastra, bisa didudut menawa ceritane novel Ulegan ngandhut tema aspek sosial. Nilai moral sing kasil ditemokake sajrone novel, yaiku: Nilai moral kang gegayutan karo awake dhewe yaiku: (1) netepi janji, (2) wicaksana, (3) njunjung dhuwur katresnan, (4) ngakoni kaluputan, (5) amanah, (6) urip prasaja, (7) bisa dipercaya, (8) kukuh, (9) tanggung jawab, (10) wani, (11) ora seneng adu-adu. Nilai moral kang gegayutan antarane umat karo sapepadhane yaiku: (1) tetulung - gotong royong, (2) rasa kurmat, (3) rembugan, (4) menehi pitutur, (5) tresna marang kaluwarga lan sapepadha. Nilai moral kang gegayutan antarane umat karo lingkungan alam, nanging ora dijlentrehake dening pangripta sajrone novel Ulegan. Nilai moral kang gegayutan antarane umat karo Gusti yaiku: (1) pasrah sumarah mring Gusti, (2) rasa syukur. Nilai moral iki diajab supaya bisa dadi patuladhan uripe pamaos.

Published
2015-08-24
How to Cite
PUTRI PERDANI, D. (2015). NILAI MORAL SAJRONE NOVEL “ULEGAN”ANGGITANE JAROT SETYONO TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 17