KADURJANAN SAJRONE CRITATEMANTEN ADUS GETIHANGGITANE SRIADI HARJONOTINTINGAN STRUKTURLAN ASPEK SOSIOLOGIS

  • EKA MIYANTI

Abstract

Abstrak Panlit en iki ngrembug reriptan sastra awujud gancaran yaiku crita kanthi judhul Temanten Adus Getih Anggitane Sri Adi Harjono. Crita iki ngemot fenomena sosial kang kerep tuwuh sajrone masyarakat, fenomena kasebut yaiku kadurjanan. Pangripta anggone nganggit sa wijine reriptan sastra ngenani tema kadurjanan, kadhang kala ndeleng saka kedadeyan sajrone masyarakat. Underan lan ancas panliten iki , yaiku (1) Njlentrehake aspek struktur ; (2) Njlentrehake gegambaran kadurjanan; (3) Njlentrehake apa wae sing njalari dum adine kadurjanan; sarta (4) Njlentrehake faktualisasi kadurjanan sajrone crita Temanten Adus Getih anggitane Sri Adi Harjono karo realita sosial sajrone bebrayan. Panliten iki nduweni paedah, yaiku ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bi sa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan tumrap panliti sabanjure. Panliten iki nggunakake metode struktural . Sumber dhata panliten arupa crita Temanten Adus Getih lan berita. Dhata panliten arupa tembung, ukara, wacana, lan solah bawane paraga sajrone crita kasebut . Panglumpukane dhata nggunakake metodhe dokumentasi. K anggo ngandharake lan njlentrehake dhata panliten iki , digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan struktur lan sosiologi sastra. Tintingan aspek sosiolo gi s kang digunakake yaiku prinsip sosiologi sastra kanthi konsep kang dijlentrelhake dening Ian Watt mligine ngenani sastra minangka kaca benggalane bebrayan masyarakat kang digunakake kanggo nggayutake wujud kadurjanan sajrone crita kasebur karo realitas sosial bebrayan. Asile panliten diperang dadi papat adhedha sar underane panliten yaiku struktur crita kanthi nggunakake pamarekan struktural, perangan kasebut yaiku (1) pamaragan; lan (2) alur. Wujud kadurjanan kang diperang dadi papat, yaiku (1) merjaya; (2) degsiya; (3) intimidhasi ; lan (4) nyulik. Bab sing njalari dumadine kadurjanan, sepisan yaiku faktor internal kang diperang dadi (1) emosional; lan (2) dhendham. Kaping pindhone yaiku faktor Eksternal kang diperang dadi (1) ekono mi; lan (2) lingkungan. Faktualisasi kadurjanan sajrone crita kasebut karo realitas sosial bebrayan kang diperang dadi (1) pawadan tuwuhe kadurjanan; lan (2) wekasane laku kadurjanan kasebut.

Published
2017-05-12
How to Cite
MIYANTI, E. (2017). KADURJANAN SAJRONE CRITATEMANTEN ADUS GETIHANGGITANE SRIADI HARJONOTINTINGAN STRUKTURLAN ASPEK SOSIOLOGIS. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 46
PDF Downloads: 36