AGRESIVITASSAJRONE CERBUNG NJAREMING PANGIGIT-IGITANGGITANESUROSO BC.HK(TINTINGANPSIKOLOGISASTRA)

  • RIZKY NURYANTI

Abstract

Abstrak Crita sambung Njareming Pangigit - igit anggitane Suroso Bc. Hk nyritakake lelakon uripeAnwar sing sarwa ruwet jalaran sipat agresif sing ana sajrone d hirine. Sipat agresif iki saya suwe saya ngrembaka, saengga nerak angger - angger, uga bisa nggawe lara lan pitunane wong liya. Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut, underane panliten sajrone cerbung Njareming Pangigit - igit gegayutan karo aspek psikologi yaiku: 1) kepriye gegambarane agresivitas, 2) apa wae sing njalari agresivitas lan 3) kepriye cara panglereming agresivitas. Adhedhasar underane panliten kasebut, mula ancas saka panliten sajrone cerbung Njareming Pangigit - igit gegayutan karo aspek psikol ogi yaiku 1) ngandharake gegambaran agresivitas, 2) ngandharake apa wae kang njalari dumadine agresivitas, lan 3) ngandharake cara panglereming tindak agresif. Saka andharan mau, crita sambung Njareming Pangigit - igit cocog dianalisis nganggo tintingan psik ologi sastra, mligine psikologi sosial miturut pamawase David G. Myers. Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake awujud cerbung kanthi irah - irahan Njareming Pangigit - igit anggitane Suroso Bc. Hk. Dhatakang digunakake sajrone panliten iki arupa tembung, ukara lan paragraf sing arupa cecaturan utawa naratif. Kanggo nglumpukake data, nggunakake metode teknik pustaka lan cathet. Tata cara nulis asile panliten iki kanthi cara deskriptif analitik. Asiling panliten iki laras k aro underane panliten. Sing kapisan, njlentrehake gegambaran agresivitas yaiku 1) merjaya liyan lan motife, 2) ngruda peksa, 3) malsu , 4) nyerang, 5) mitenah, lan 6) nyolong. Kapindho, faktor sing njalari agresivitas diperang dadi nem, yaiku 1) kacingkrang an, 2) emosi, 3) faktor biologis, 4) frustasi, 5) kurange pendhidhikan, lan 6) pangaribawane medhia. Katelu, cara panglereming tumindak agresif kanthi cara ukuman lan katarsis. Tembung kang wigati: agresivitas

Published
2017-05-12
How to Cite
NURYANTI, R. (2017). AGRESIVITASSAJRONE CERBUNG NJAREMING PANGIGIT-IGITANGGITANESUROSO BC.HK(TINTINGANPSIKOLOGISASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 42
PDF Downloads: 50