SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE MERONIMIBAB BANGSA URIPING TLATAH TULUNGAGUNG

  • SITI MARIFATUS SOLIKAH

Abstract

Abstrak Meronimi kalebu salah sijine jinise sesambu ngane teges. Sesambungane teges meronimi yaiku, sesambungane teges kang mratelakake saperangan kanggo sakabehe. Panggolonge meronimi sajrone panliten iki cacahe ana telung bab kang adhedhasar bangsa urip, yaiku bab manungsa, bab kewan, lan bab tetuwuhan. T elung bab sajrone meronimi kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike. Adhedhasar bab kase but, punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan paradhigmatik sa jrone meronimi bab bangsa urip? lan (2) Apa wae jin ise sesambungan sintagmatik s ajrone meronimi bab bangsa urip? Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sesambungan paradhigmatik lan sintagmatik sajrone meronimi bab bangsa urip ing tlatah Tulungagung. Panliten iki kalebu jinis panl iten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku tembung - tembung perangane bangsa urip yaiku perangane manungsa, kewan, lan tetuwuhan kang ana ing tlatah Tulungagung. Dhata kasebut diolehi saka nyemak lan nyathet para pan utur ing tlatah Tulungagung. Tembung - tembung sajrone meronimi bab bangsa urip ing tlatah Tulungagung kang kasil diklumpukake ana 404, kang kaperang ing telung bab. Bab manungsa ana 90 tembung saka rong jinis, bab kewan ana 163 tembung saka 73 jinis, lan 1 51 tembung saka 198 jinis. Asile panliten iki nuduhake yen meronimi bab bangsa urip nduweni sesambungan paradhigmatik kang dijlentrehake lumantar tabel - tabel, saengga bisa digoleki drajat pepadhane lan tegese tembung - tembunge. Saliyane kuwi, uga bisa diwer uhi jinise sesambungan paradhigmatik kang cacahe ana loro, yaiku hipernim lan hiponim. Saka jinis mau bisa diweruhi sipate kang cacahe uga ana loro, yaiku netep lan ora netep. Banjur jinise sesambungan sintagmatik sajrone meronimi bab bangsa urip ana loro, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Saka jinis kasebut uga bisa diweruhi sipat kang cacahe ana loro, yaiku enkapsulatif lan dhistributif. Tembung wigati : sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, meronimi, bangsa urip.

Published
2017-05-12
How to Cite
MARIFATUS SOLIKAH, S. (2017). SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE MERONIMIBAB BANGSA URIPING TLATAH TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 244
PDF Downloads: 57