PAMILIHIE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITANKIDUNGLINGSIR WENGIANGGITANE SUHARMONO KASIUN

  • MUHAMMAD ISYOMMUDIN

Abstract

Abstrak ABSTRAK Geguritan salah sawijine wujud karya sastra kang ditulis dening penggurit kanthi nggunakake basa kang endah lan nduweni pamikiran kang endah awujud basa t ulis. Kanthi nggunakake pamilihe tembung - tembung kang apik, pengarang bisa medhar pesan kang ana ing sawijine pamikirane, lan pangrasane. Tetembungan lan ukara - ukara kang ana ing sawijine karya satra iku dadi pathokan anggone nulis sawijine karya sastra. P amilihe tembung - tembung kasebut kang ndadekake sawijine guritan kasebut nduweni kaendahan. Salah sawijine geguritan yaiku antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Anane geguritan kidung lingsir wengi kasebut dadi dhasar tuwuhe p angira - ira. Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) kepriye wujud pamilihe tembung (Diksi) sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun?, lan 2) kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguri tan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun?. Dene tujuwane panliten iki yaiku ngandharake pamilihe tembung sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun lan ngandharake lelewane basa sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Dene teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik nyathet lan kapustakan. Tintingan sing dianggo yaiku tintingan stilistika. Teori sing digunakake yaiku Ing nganalisis pamilihe tembung nggunakake teorine Nurgiyantoro. pamilihe tembung mujudake pengunaane tembung - tembung kang sengaja dipilih dening panggurit. Kanggo nganalisis lelewane basa, migunakake panemune Ratna ngandharake kanthi cara umum majas diperang dadi papat yaiku, majas perbandhingan , sindiran , penegasan , lan pertentangan . Asile panliten pamilihing tembung bisa diperang dadi papat ingkang kapisan yaiku ragam basa, purwakanti (titi swara), titi tembung (morfologi), lan yaiku titi makna (semantik). Lan lelewaning basa amung ngandharake majas. Purwakanthi bisa diperang maneh d adi telu yaiku (1) purwakanthi guru swara, (2) purwakanthi guru sastra, lan (3) lumaksita. Lan uga titi tembung bisa diperang dadi papat yaiku, (1) tembung rangkep, lan (2) tembung camboran. Titi makna bisa diperang dadi telu yaiku (1) sinonim, (2) antoni m, lan (3) entar. Lan perangan pungkasan yaiku majas, majas bisa diperang dadi telu yaiku (1) majas perbandhingan, (2) majas penegasan, lan (3) majas sindiran. Tembung Wigati : pamilihe tembung lan lelewane basa

Published
2017-05-12
How to Cite
ISYOMMUDIN, M. (2017). PAMILIHIE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITANKIDUNGLINGSIR WENGIANGGITANE SUHARMONO KASIUN. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 102
PDF Downloads: 113