ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA

  • CHOIRUNNISA

Abstract

Abstrak Panliten tumrap Elipsis Jejer kalebu panliten sing isih jarang ditindakake dening para ahli basa. Para ahli basa sing wis nliti elipsis jejer kasebut durung ana sing mligi nliti ngenani elipsis jejer adhedhasar wujud lan kalungguhane jejer sing dielipsisa ke. Adhedhasar bab kasebut undere panliten iki yaiku kepriye wujude jejer lan kalungguhane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran? Tujuwane panliten iki, yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake wujude tembung sing nduweni guna jejer lan kalungguh ane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran. Landhesan teori sing digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif diperang dadi telu adhedhasar triaspek sintaksis, yaiku wujud (katego ri), guna (fungsi), kalungguhan (peran). Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik deskriptif, panliten sing njlentrehake dhatane panliten iki, yaiku ukara - ukara camboran sing kalebu ukara elipsis jejer. Panliten iki asipat sinkronis, amarga basa sing ditliti yaiku basa Jawa sing digunakake ing jaman saiki. Sumber dhatane yaiku awujud karya sastra, lan karya sing dudu sastra ing kalawarti basa Jawa Jayabaya taun 2015. Dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku awujud teks tulis sajrone ukara - ukara ca mboran sing ngalami elipsis jejer ing rubrik - rubrik sastra lan nonsastra kalawarti Jayabaya taun 2015. Dhata diklumpukake nganggo teknik cathet. Tatacarane njlentrehake dhata ing panliten iki nggunakake metodhe agih. Asile njlentrehake dhata disuguhake ngg unakake metodhe formal informal. Elipsis jejer sajrone ukara camboran ing basa Jawa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujud lan kalungguhane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran. Adhedhasar teori transformasi generatif, wujude tembung sing mangg oni kalungguhan jejer lan bisa dielipsisake sajrone ukara camboran, bisa diperang dadi telung jenis yaiku (1) elipsis jejer awujud tembung aran lan frasa aran sajrone ukara camboran, (2) elipsis jejer awujud tembung kriya lan frasa kriya sajrone ukara camb oran, (3) elipsis jejer awujud tembung kahanan lan frasa kahanan sajrone ukara camboran. Elipsis jejer uga bisa diperang adhedhasar kalungguhane jejer sing dielipsisake miturut teori transformasi generatif, yaiku (1) elipsis jejer kalungguhan paraga sajro ne ukara camboran, (2) elipsis jejer kalungguhan panandhang sajrone ukara camboran, (3) elipsis jejer kalungguhan paraga lan panandhang sajrone ukara camboran, (4) elipsis jejer kalungguhan panampa sajrone ukara camboran, (5) elipsis jejer kalungguhan rese ptif sajrone ukara camboran, (6) elipsis jejer kalungguhan sumber sajrone ukara camboran, (7) elipsis jejer kalungguhan faktor sajrone ukara camboran. Jejer sing bisa dielipsisake yaiku jejer sing aran lan wujude padha antarane jejer siji lan jejer liyane sajrone ukara. Elipsis jejer nduweni tujuwan kanggo ngirit tembung ing ukara nanging ora ngowahi tegese ukara. Tembung wigati: Elipsis, Jejer, Ukara camboran

Published
2017-05-12
How to Cite
CHOIRUNNISA,. (2017). ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 52
PDF Downloads: 46