DIKSI SAJRONE CERKAK ING ANTOLOGI LINTANG ALIT ANGGITANE SUMONO SANDY ASMORO

  • FATIMATUZ ZAHRO

Abstract

Abstrak Crita cekak mujudake karya sastra kang awujud gancaran, kang asipat fiksi , kang critane d icritakake sarwa ringkes. Cerkak bisa narik ka w igatene pamaca krana cerkak ora mbutuhake wektu kang akeh anggone maca. Basa kang ana sajrone cerkak, ora mung nggunakake basa lumrah wae nanging uga nggunakake basa kang endah lan bisa aweh nilai estetik. Mit urut Teeuw (1984:1) ngandharake, menawa karya sastra iku kalebu saka salah sawijine wujud seni kang nggunakake basa minangka pirantine. Basa kang digunakake sajrone karya sastra ora mung nganggo basa lumrah utawa padinan nanging uga nganggo basa endah kang ngandhut pamilihe tembung (diksi) utawa lelewane basa. Basa kang endah mujudake basa kang ora lumrah digunakake ing saben dina. Basa kang endah mujudake basa kang ngemu kekarepane panganggit. Semono uga basa kang digawe sajrone antologi cerkak Lintang Ali t anggitane Sumono Sandy Asmoro, antologi kasebut minangka objek panliten iki kanthi nggunakake tintingan stilistika. Lelandhesan panliten kasebut dadi dhasar anane underan panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA anggita ne SSA?, (2) kepriye milih sumber diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?, (3) kepriye sipate diksi sajrone cerkak ing antologi Lintang Alit anggitane SSA?. Panliten ngenani pamilihe tembung sajrone cerkak ing antologi LA anggitane SS A mujudake sawijine panliten kang asipat sinkronis lan jinis dheskriptif. Dhata kang digunakake yaiku dhata kang arupa tembung, frasa, klausa, ukara kang ana sajrone cerkak antologi LA lan sumber dhata panliten iki yaiku cerkak ing antologi LA. Instrumen u tama kang digunakake yaiku panliti ing panliten iki dhewe. Instrumen kang dadi panyengkuyung panliten iki yaiku piranti kang arupa buku, pulpen, laptop, lsp. Carane nglumpukake dhata ing panliten iki, yaiku nggunakake teknik waca, cathet lan studi kapustak an. Carane njlentrehake dhata sajrone panliten iki, yaiku migunakake metode analisis kualitatif deskriptif. Dene, tata cara panulisane asile panliten kanthi informal. Asil panliten kang kapisan, ngenani wujude diksi sajrone cerkak ing antologi LA kang nga silake rong cara ing antarane (1) konvensional , lan (2) inkonvensional . Asil panliten kang kapindho, ngenani sumbere diksi cerkak ing antologi LA diperang dadi loro, yaiku (1) ragam ngoko (2) ragam krama. Wujud diksi kang asring digunakake dening panganggi t kanthi cara konvensional yaiku arupa tembung entar lan pepindhan. Dene kanthi cara inkonvensional asring nggunakake tembung basa Indonesia dipeksa dadi tembung basa Jawa. Sumbere diksi sajrone antologi LA asring nggunakake ragam ngoko. Asil panliten kang pungkasan utawa katelu, ngenani sipate diksi sajrone cerkak ing antologi LA diperang dadi telu, yaiku (1) sosial, (2) spiritual lan (3) estetik. Sipat diksi kang asring digunakake dening panganggit yaiku sipat sosial lan sipat estetik. Tembung wigati : d iksi, cerkak, stilistika

Published
2017-05-12
Abstract View: 34
PDF Download: 42