RADHISI SIRAMAN ING GROJOGAN SEDUDO KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR)

  • YUNI ARDIYANTI

Abstract

Abstrak Tradhisi siraman iki minangka sawijine pakulinan ka ng ditindakake dening masyarakat Nganjuk ing wulan Sura. Tradhisi siraman iki wis tau ditliti saka aspek kabudayan. Ing kalodhangan iki tradhisi siraman bakal ditintingi saka aspek folklor, amarga tradhisi siraman iki uga minangka folklor saperangan lesan. Tradhisi siraman minangka folklor saperangan lesan arep ditintingi mligine ngenani makna lan fungsi folklor kanggo masyarakat. Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) Kepriye wujud folklor saperangan lesan sajrone Tradhisi si raman ing Grojogan Sedudo , 2) Kepriye makna folklor sajrone Tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo kanggo masyarakat panyengkuyunge , 3) Kepriye fungsi folklor sajrone Tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo kanggo masyarakat panyengkuyunge , lan 4) Kepriye eksis tensi tradhisi siraman ing Grojogan Sedudo Dene tujuwan panliten iki yai ku ngandharake wujud, makna, fungsi folklor lan eksistensi tradhisi siraman kanggo masyarakat panyengkuyunge. Tradhisi siraman ditintingi kanthi metodhe d h eskriptif kualitatif kanthi p amarekan folklor. Babagan wujud tradhisi nggunakake teori folklor miturut Brunvard. Dene babagan makna lan simbol kang kinandhut ditintingi kanthi teori semiotik Pierce. Babagan fungsi folklor kanggo masyarakat nggunakake teorine Dundes. Objek kang ditinti ngi yaiku tradhisi siraman. Instrumen panliten iki awujud dhaptar pitakonan. Teknik nglumpukake dhata ing kene ana teknik observasi , teknik wawancara , lan teknik dokumentasi . Tatacara nganalisis dhata panliten kualitatif yaiku open coding , axial coding , la n display coding . Asile panliten sing sepisan yaiku bab wujud fisik bisa dideleng saka tatalakune lan ubarampe kang ana ing tradhisi siraman kasebut. Tatalakune kapisan yaiku slametan malem 1 Sura, esuke ana sawur puspita, amek tirta, menehake banyu suci m enyang genthong lan adus ing ngisore Grojogan Sedudo. Ubarampene ana wedhus kendhit, sega tumpeng sak lawuhe, kain kafan, kembang setaman, menyan lan jenang sengkala. Bab wujud lesane saka donga - donga kang ana nalika slametan kang dipimpin dening juru kunc i Grojogan Sedudo. Makna folklor saka sakabehane yaiku nyuwun marang Gusti supaya tansah diwenehi berkah lan didohne saka bebaya. Fungsi folklor saka sakabehane yaiku minangka wujud syukur marang Gusti lan nglestarekake adat kang wis turun - temurun. Eksiste nsi tradhisi siraman yaiku masyarakat lan pemerintah tansah njaga tradhisi iki wiwit jaman ndhisik nganti saiki senajan ana owah - owahan nanging ora ngilangi tradhisi kang asli.

Published
2017-05-12
How to Cite
ARDIYANTI, Y. (2017). RADHISI SIRAMAN ING GROJOGAN SEDUDO KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 80
PDF Downloads: 133