PANGARIBAWANEMEDIA FLASHTUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADISISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016

  • ZUMROTUL SYAFRIANY

Abstract

Pangaribawane Media Flash Tumrap Katrampilan Nulis Layang Pribadi Siswa Klas VIII SMP Negeri 3 Sidoarjo Taun Piwulangan 2015/2016 1 PANGARIBAWANE MEDIA FLASH TUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADI SISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016 Zumrotul Syafriany Jurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Niesyafriany@gmail.com Dr. Murdiyanto, M. Hum Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Abstrak Basa minangka piranti kanggo sesrawungan. Kanthi basa ma nungsa bisa ngandharake apa kang dadi kekarepane. Salah siji katrampilan basa kang diwulangake ing SMP klas VIII yaiku katrampilan tulis, kanthi kompetensi inti “ngerteni, ngolah, ngandharake, lan njlentrehake sajrone ranah konkrit”, lan kanthi kompetensi dhasar “ngerteni struktur teks, unsur basa sajrone nulis layang pribadi.” Saben proses pamulangan kang mligine pamulangan basa Jawa, saben siswane nduweni prakara anggone nampa pamulangan kang diwulangake. Kayadene pamulangan nulis kanthi materi layang pri badi. Prakara iku bisa disebabake saka panganggone tandha wacan, panganggone tembung kang trep, lan undha - usuke basa. Adhedhasar prakara kasebut panliten menehi inovasi arupa medhia. Medhia kang diwenehake yaiku media flash . Underan panliten iki, yaiku: (1 ) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi siswa tanpa nggunakake media flash , (2) kepriye asil pasinaon nulis layang pribadi kanthi nggunakake media flash (3) kepriye pangaribawane media flash tumrap katrampilan nulis layang pribadi (4) kepriye asil res pon angket siswa klas ekperimen kang nggunakake media flash . Konsep sajrone panliten iki yaiku media flash , nulis, lan layang pribadi. Media flash minangka sawijine perangkat lunak komputer, prodhuk unggulan saka Adobe system kanthi menehi sajian animasi k ang narik kawigaten lan luwih praktis . Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Quasi Exsperemental kanthi modhel nonequivalen control group . Klas kang digunakake yaiku klas VIIIC minangka klas eksperimen lan klas VIIIG minangka klas kontrol. Tek nik kang dienggo arupa tes lan angket. Instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket. Dene kanggo analisis dhata nggunakake uji t - signifikansi . Adhedhasar dhata ing pratelan asile panliten, bisa didudut yen ora ana pambeda kang signif ikan antarane asil pre - test lan post - test ing klas kontrol, kabukti saka asil panliten 1 lan panliten 2 yaiku 1,5398 lan 1,4724 saka t tabel 1,695. Dene asil piwulangan ing klas eksperimen nuwuhake asil kang signifikan yaiku 6,6090 lan 6,2016 saka t tabel 1, 6923. Asil t - tes signifikansi panliten 1 nuduhake asil 1,7827 lan nuduhake asil 3,288 ing panliten 2 saka t tabel 1,6698, ateges ana pambeda kang signifikan antarane klas kontrol lan klas eksperimen kang nggunakake media flash . Saengga, bisa ditegesi yen H 0 ditolak lan H 1 ditampa. Tembung wigati: media flash , nulis, katrampilan, lan layang pribadi

Published
2017-05-12
How to Cite
SYAFRIANY, Z. (2017). PANGARIBAWANEMEDIA FLASHTUMRAP KATRAMPILAN NULIS LAYANG PRIBADISISWA KLAS VIII SMP NEGERI 3 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 45