PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015

  • JENITASARI SANTOSO

Abstract

Piranti Kohesi Gramatikal Sajrone Rubrik Gambang Suling Kalawarti Jaya Baya Taun 2015 1 PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015 Jenitasari Santoso S - 1 Pendidikan Bahasa dan Sastra D aerah, FBS, UNESA dan jenitasantoso@hotmail .com Pembimbing Prof. Dr. Udjang Pairin, M.Pd. Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA Abstrak Panliten iki nduweni sipat kang mligi yaiku nintingi objek panliten arupa wacana dheskriptif basa Jawa saka perangan wujude. Mligine marang sesambungan gramatikal wac ana wae. Wujud tegese bleger fisik wacana kasebut, panliten iki ora nggepok senggol marang makna kang dikandhut dening wacana sacara utuh. Objek panliten kang dipilih awujud wacana dheskriptif yaiku rubrik gambang suling kalawarti Jaya Baya taun 2015. Rubr ik iki manggon ana kaca ngarep saengga dadi punjer kawigaten pamacane. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka perkara kepriye pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya ta hun 2015. Ancase panliten iki kanggo ngerteni pangganggo lan daya pangaribawane piranti kohesi gramatikal tumrap wacana sajrone rubrik gambang suling ing kalawarti Jaya Baya tahun 2015. Analisis dhata adhedhasar teori kohesi kang diandharake dening Hallida y lan Hasan. Metodhe panliten kang digunakake mujudake metodhe agih. Teknik kang digunakake yaiku teknik andum perangan sacara langsung. Teknik lanjutan arupa teknik ganti, teknik lesap, lan teknik waca tandha. Teknik ganti digunakake kanggo mbuktekake pad hanan perangan kang diganteni lan perangan gegantine sajrone kohesi substitusi. Teknik lesap digunakake kanggo mbuktekake padhanan karo perangan kang dilesapake. Teknik waca tandha digunakake kanggo mahami sesambungan antar ukara lan paragraf. Asil saka pa nliten ngenani kohesi gramatikal iki yaiku piranti kohesi gramatikal kang cac a he papat kasebut digunakake kabeh. Patang piranti kasebut nyakup pangener, subtitusi, ellipsis lan konjungsi. Piranti sing paling akeh digunakake yaiku pangener persona kang nggu nakake tembung sesulih pandarbe { - e} lan { - ne}. Piranti kohesi liyane kang uga asring ditemokake yaiku konjungsi temporal. Piranti kohesi gramatikal liyane uga ditemokake nanging ora asring kaya pangener persona kang nggunakake tembung sesulih pandarbe { - e } lan { - ne}, lan konjungsi temporal. Kata kunci : piranti kohesi, piranti kohesi gramatikal

Published
2017-07-25
How to Cite
SANTOSO, J. (2017). PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 69
PDF Downloads: 45