KALUNGGUHANE PARAGA WANITA SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG ANGGITANE SUPARTO BRATA LAN NOVEL CERITA CINTA ENRICO ANGGITANE AYU UTAMI (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN)

  • FARAHANNA JULIANI

Abstract

Novel kanthi irah-irahan Para Pawestri Pejuwang anggitane Suparto Brata lan novel Cerita Cinta Enrico anggitan Ayu Utami nduweni sub tema kang padha yaiku ngenani kalungguhane paraga wanita. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye peran lan kalungguhane paraga wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (2) Kepriye pangaribawane paraga wanita  tumrap pawongan kang ana ing sakupenge sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (3) Kepriye asile bandhingan sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico. Panliten iki uga nduweni tujuwan, yaiku: (1) Ngandharake peran lan kalungguhane paraga wanita sajrone Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (2) Ngandharake pangaribawane paraga wanita sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico; (3) Ngandharake asile bandhingan sajrone novel Para Pawestri Pejuwang lan Cerita Cinta Enrico. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa migunani tumrap ilmu kasusastran Jawa modheren, yaiku (1) Tumrap panliti; (2) Tumrap pasinaonan sastra; (3) Tumrap pamaos.

                Panliten iki mujudake panliten kanthi tintingan sastra bandhingan lan nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten diperang dadi loro yaiku dhata primer kang awujud tembung, ukara, dialog antar paraga, wacana lan solah bawane paraga sajrone kaloro novel kasebut. Dhata kang kapindho yaiku dhata sekunder kang awujud artikel-artikel utawa warta-warta kang nduweni gegayutan karo kalungguhan, wanita, lan karya sastra liyane.

                Novel-novel kasebut ngandharake: (1) peran lan kalungguhane paraga wanita minangka wanita kang pinter, nduweni pamikiran kritis, kuwat, mandhiri, pekerja keras, lan tresna marang kulawargane. Kalungguhane wanita sajrone kaloro novel kasebut minangka wanita kang penting sajrone kulawargane lan jagad pakaryane; (2) Wujud pangaribawane wanita sajrone kaloro novel kasebut yaiku wanita-wanitane mangaribawani wong kang ana ing sakupenge supaya wong kasebut dadi luwih maju; (3) Asile bandhingan.

 

Tembung Wigati: feminis, gender, peran, kalungguhan

Published
2017-07-25
How to Cite
JULIANI, F. (2017). KALUNGGUHANE PARAGA WANITA SAJRONE NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG ANGGITANE SUPARTO BRATA LAN NOVEL CERITA CINTA ENRICO ANGGITANE AYU UTAMI (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 84
PDF Downloads: 112