CRITA RAKYATGENDRA ASMARA ADIPATI ANOM AMRALANGGITANE SARTONOKUSUMANINGRAT TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

  • ANIK FITRIANI

Abstract

Crita Rakya t Gendra Asmara Adipati Anom Amral Angitane Sartono Kusumaningrat Tintingan Sosiologi Sastra. 1 CRITA RAKYAT GENDRA ASMARA ADIPATI ANOM AMRAL ANGGITANE SARTONO KUSUMANINGRAT TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA Anik Fitriani , Dra. Suwarni, M.Pd Pendidikan Bahasa dana Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya email : anikkusuma15@g mail.com Abstrak Crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral anggitane Sartono Kusumaningrat nyritakake ngenani panguwasa sing tumindak sawiyah - wiyah. Tumindak kasebut nuwuhake maneka werna perkara sosial sing ndadekake masyrakate padha sengsara . Adhed hasar kahanan iku, c rita kasebut bakal kadhudhah kanthi nggunakake judhul Crita Rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral Anggitane Sartono Kusumaningrat Tintingan Sosiologi Sastra. Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut, bisa dijupuk underaning panliten, yaiku (1) Kepriye struktur pambangun crita ing babagan tema, paraga, plot, lan latar, (2) Kepriye unsur sosial crita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Saka underane panliten kasebut, mula ancase panliten yaiku (1) Ngandharake struktur pambangun crit a ing babagan tema, paraga, plot lan latar, lan (2) N gandharake unsur sosial crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Panliti nggunakake teori Sosiologi Sastra pamawase Ratna, Kurniawan lan Faruk kanggo njingglengi perkara - perkara sosiologis sing an a sajrone crita rakyat. Ana ing panliten iki uga nggunakake Teori Hermeneutika amarga teori kasebut sesambungan karo solah bawane manungsa lan kedadeyan prastawa - prastawa ana ing ngalam. Panliten iki bakal nggunakake pendekatan kualitatif amarga dhata sing digunakake yaiku kanthi nganalisis. Panliten iki bakal nggunakake metode yaiku metode deskriptif analisis . Panliten iki bisa diarani panliten kualitatif amarga sajrone analisis ora nggunakake analisis statistik. Panliten nggunakake metode deskriptif anali sis amarga kanggo ngonceki struktur lan tumindake sajrone cerita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral. Sumber dhata kang digunakake yaiku crita rakyat saka majalah Jaya Baya kang cacahe ana 27 episode . Dhata sajrone panliten iki arupa bageyane crita si ng awujud tembung, frase lan ukara sing isine ngenani kawengisan. Instrumen kang digunakake ana ing panliten yaiku panliten dhewe. Teknik ngumpulake dhata sing digunakake sajrone panliten yaiku teknik maca, nyathet, lan riset kapustakan. Teknik maca lan ny athet minangka teknik sing bakal digunakake kanggo ngasilake dhata kanthi cara maca teks utawa literatur sing dadi sumbere panliten, sarta menehi tandha - tandha ana ing cerita rakyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral . Asil p anliten iki mujudake yen crita r a kyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral mujudake karya sastra sing bisa dadi kaca benggala. Tumindake panguasa karo masyarakat sing sakarepe dhewe ndadekake ora ayeme warga. Panguwasa sing sawiyah - wiyah karo masyarakate amarga rumangsa kumuwasa ana ing Mata ram. Panguwasa kasebut kepengen diurmati sekabehe masyarakat tanpa mikir kahanane masyarakat. Saben apa sing dikarepake kudu bisa kalaksanan, yen ora kalaksanan bakal ana paukuman pidana paten. Senajan perkarane sepele nanging yen nguciwani panguwasa kaseb ut bakal ndadek ake ontran - ontran gedhe. Crita r akyat Gendra Asmara Adipati Anom Amral migunani tumrap pamacane minangka sarana panglipur, minangka sarana piwulang, lan bisa dienggo kanggo patuladhan dening panguwasa supaya bisa luwih becik anggene mangku n egara.

Published
2017-07-25
How to Cite
FITRIANI, A. (2017). CRITA RAKYATGENDRA ASMARA ADIPATI ANOM AMRALANGGITANE SARTONOKUSUMANINGRAT TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 58
PDF Downloads: 45