KAPRIBADEN NEUROTIS-E PARAGA SAJRONE CERBUNGWANITA BURONANGGITANE SANIJO RAF: TINTINGAN PSIKOANALISIS KAREN HORNEY

  • TEGUH WIDODO

Abstract

Panliten iki njlentrehake wujud kapribaden neurotis-e paraga Hermanto lan Sawitri anggone ngrampungi masalah-masalah sajrone lelakonn uripe kang sesambungan karo rasa sumengit lan rasa sumelang saengga nuwuhake cara-cara tartamtu. Cara-cara tartamtu kang ditindakake kaloro paraga kasebut mujudake gegambaran saka kapribadene neurotis-e kaloro paraga kasebut. Lelandhesan tintingan psikoanalisis Karen Horney, cara-cara tartamu kanggo ngrampungi rasa sumengit lan sumelang bisa ditindakake kanthi telung cara sing onjo minangka ancase panliten sajrone panliten iki, yaiku: (1) wujud kapribaden neurotis-w paraga kanthi cara nyedhaki wong liya, (2) wujud kapribaden neurotis-e paraga kanthi cara nglawan wong liya, (3) wujud kapribaden neurotis-e paraga kanthi cara ngedohi wong liya. Pamarekan sing digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan psikologi sastra. Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Teknik pangumpulaning dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik maca lan cathet, kanthi cara maca sumber dhata lan nyathet tembung-tembung utawa ukara sing laras lan trep karo underaning panliten. Sumber panliten kang digunakake yaiku cerbung Wanita Buron . Asiling panliten yaiku: (1) kecenderungan neurotik kanthi cara nyedhaki wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap rasa sih tresna lan tinarima liya, mitra utawa kanca sing bisa menehi pangaribawa sing gedhe, lan urip narima ing pandum, (2) kecenderungan neurotik kanthi cara nglawan wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap kewenangan, nggunakake wong liya, rasa panghargyan sosial utawa gengsi, rasa nggumun utawa bombong marang awake dhewe, lan ambisi utawa gegayuhan pribadi, lan (3) kecenderungan neurotik kanthi cara ngedohi wong liya ditindakake paraga Hermanto lan Sawitri minangka cara ngrampungi rasa sumelang awujud nggayuh kabutuhan tumrap urip mandhiri lan bebas, lan kasampurnan utawa rasa ora mungkin salah. Tembung-tembung wigati : Neurotis, Psikoanalisis Sosial, lan kapribaden neurotis (Kecenderungan Neurotik).

Published
2017-07-25
How to Cite
WIDODO, T. (2017). KAPRIBADEN NEUROTIS-E PARAGA SAJRONE CERBUNGWANITA BURONANGGITANE SANIJO RAF: TINTINGAN PSIKOANALISIS KAREN HORNEY. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 118
PDF Downloads: 169