KONFLIKSAJRONE CERBUNG WAYANG MBUJUNG LINTANG ANGGITANE ST. SRI PURNANTO

  • ANDREANES FISMATHIKA PRIMATAMA

Abstract

Cerbung Wayang Mbujung Lintang mujudake salah sawijining reriptan sastra Jawa modern kang ditulis dening ST. Sri Purnanto. Cerbung iki kapilih dadi objek sajrone panliten amarga ngandhut konflik kang nggambarake urip bebrayan. Paraga - paraga sajrone cerbung iki ngalami konflik kang narik kawigaten. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye konflik internal lan konflik eksternal s ajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto? (2) apa kang ndadekake panyebab tuwuhe konflik sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto? (3) Kepriye Pungkasane konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbu ng Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto ? . Selaras karo undere panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake wujud konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto. (2) ngandharake apa kang ndadekake panyebab tuwuhe konflik sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnanto. (3) ngandharake pungkasane konflik internal lan konflik eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang anggitane ST. Sri Purnant o. Paedahe panliten yaiku ngrembakakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa nambahi bahan rujukan dening panliti sabanjure. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Su mber dhatane panliten arupa cerbung Wayang Mbujung Lintang kang kapacak ing kalawarti Panyebar Semangat sing cacahe ana 10 seri, yaiku saka No.16 sasi Mei nganti No. 26 sasi Juni taun 1999. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone cerbung. O lehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe dheskriptif analisis kanthi tintingan struktural. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu. Perangan sepisan yaiku wujud konflik int ernal lan eksternal sajrone cerbung Wayang Mbujung Lintang . (1) konflik internal kang ana sajrone cerbung yaiku rasa nelangsa, rasa getun, lara ati lan rasa mamang. (2) konflik eksternal yaiku iri marang wong liya, ngapusi wong liya lan ngancem wong liya. Perangan kang kaping loro ngenani panyebab tuwuhe konflik yaiku (1) faktor ekonomi, (2) limbah pabrik, (3) monopoli dagang. Perangan kaping telu yaiku Pamungkasing konflik. Pamungkasing konflik kang digambarake dening pangripta yaiku asipat ora tumutup. Te mbung wigati: konflik, konflik internal, konflik eksternal.

Published
2017-07-25
How to Cite
FISMATHIKA PRIMATAMA, A. (2017). KONFLIKSAJRONE CERBUNG WAYANG MBUJUNG LINTANG ANGGITANE ST. SRI PURNANTO. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 36
PDF Downloads: 46