UBALE RASA PANGRASA SAJRONE NOVEL ALUN SAMUDRA RASATINTINGANE: PSIKOLOGI SASTRADENING : ARDINI PANGASTUTI Bn

  • DIAN PRATIWI MURTI

Abstract

Novel Alun Samudra Rasa anggitane Ardini Pangastuti Bn nyritakake para paraga sing ana ing sajrone novel ngalami problem kajiwan arupa rasa kuciwa. Ubale Rasa sing dialami dening para paraga amarga para paraga duweni problem kajiwan rasa kuciwa lan nengenake kapentingan pribadhin e. Novel kasebut ditintingi migunakake teori Alfred Adler, amarga teorine Adler ngrembug ngenani individu lan weneh kawigaten luwih marang pawongan sing ringkih lan nduweni problem kajiwan. Tujuwan panliten iki yaiku: 1) Ngandharake gegambaran rasa gelane paraga sajrone novel Alun Samudra Rasa anggitane Ardini Pangastuti, 2) Ngandharake kang njalari tuwuhe rasa gela sing dialami dening paraga sajrone novel Alun Samudra Rasa anggitane Ardini Pangastuti, 3) Ngandharake tuking crita ngenani problem kajiwane paraga sajrone novel Alun Samudra Rasa anggitane Ardini Pangastuti. Manfaat panliten iki yaiku: Asile panliten iki arupa andharan babagan konflik batin sajrone keluwargane Intan lan Bregas kanthi migunakake teori Psikologi Sastra. Menawa panliten iki migun ani tumrape mahasiswa jurusan Jawa utawa jurusan Basa liyane, utawa tumrap piwulangan babagan basa ing sekolah - sekolah. Panliten iki nduweni rong sipat, yaiku sipat teoritis lan praktis. Sipat teoritis ing panliten iki bisa menehi kawruh sing ana sesambung ane karo panguripan saben dina. Dene sipat praktis kaperang dadi telu yaiku: (1) kanggo mangerteni paanguripan ing saben dina, (2) kanggo dhosen, asile panliten iki aweh pamrayoga lan kritik supaya luwih sampurna, (3) kanggo mahasiswa, bisa nambahi krenteg kanggo mahasiswa sing arep nindakake panliten bab sastra mligine bab psikologi sastra. Asil panliten nuduhake: Adhedhasar problem kajiwan kang tuwuh sajrone Novel Alun Samudra Rasa sing dialami dening para paraga ana loro. Problem kapisan yaiku rasa kuciw a, amarga ngrembakakake sifat inferiorita. Paraga Intan, Bregas, Bu Surtana, Pak Surtana, Ines lan Pramudita padha - padha nduweni rasa kuciwa. Ubale Rasa kasebut tuwuh amarga duweni rasa kuciwa. Kabeh para paraga nduweni panemu yen paraga liya luwih elek t inimbang dheweke. Problem kaloro yaiku nengenake kapentingan pribadhi, amarga dheweke tansah nglakoni tumindak sing bisa gawe awake dhewe seneng senajan tumindak kuwi bisa nglarani atine liyan. Tumindak sing dilakoni kasebut kalebu diri kreatif, amarga dhe weke bisa nggayuh apa sing dibutuhake lan dikarepake. Sing jalarai tuwuhe problem kajiwan sing dialami dening para paraga uga ana loro. Kapisan yaiku rasa kuciwa amarga rasa kuciwa diselingkuhi. Kaloro yaiku kurang pasrawungan, amarga Intan milih gaya hidu p nutup uripe kanggo wong liya. Gaya hidup sing dipilih iku bisa nuwuhake problem kajiwan. Cara ngadhepi problem kajiwan sing dilakoni dening Intan ana loro. Kapisan yaiku ngadoh saka wong liya, pikiran, rasa pangrasa lan tindak - tanduk sing dilakoni Intan kasebut kalebu kapribadhen sing nyawiji, amarga dheweke ngrasa isin lan salah marang keluwargane. Kaloro yaiku Sumarah marang Gusti. Nalika dheweke ora duwe panggon kanggo nentremake uripe maneh, mung Gusti sing dadi tujuwane. Intan lan Pramudita duweni mi nat sosial sing sadurunge ora tau dilakoni, amarga sumarah marang gusti iku kalebu sumarah marang pendhereke Gusti. Diri kreatif sing diduweni dening Intan didadekake cekelan kanggo nggayuh kabagyane dheweke. Tembung wigati: Ubale Rasa Pangrasane Para Paraga

Published
2017-07-25
How to Cite
PRATIWI MURTI, D. (2017). UBALE RASA PANGRASA SAJRONE NOVEL ALUN SAMUDRA RASATINTINGANE: PSIKOLOGI SASTRADENING : ARDINI PANGASTUTI Bn. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 35
PDF Downloads: 31