RUWETE BALE WISMA SAJRONE CERBUNG TEBUSAN ANGGITANE IMAM H(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • PUPUT DYA KUMALASARI

Abstract

Bab sing narik kawigaten saka Cerbung Tebusan yaiku ngenani masalah kang ana ing sajrone cerbung. Maneka werna perkara - perkara kang dadi ruwete bale wisma kuwi, ing panliten iki bakal diandharake undheraning panliten, yaiku: (1) kepriye ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan ?, (2) apa kang njalari tuwuhe ruwete bale wi sma sajrone cerbung Tebusan ?, lan (3) kepriye pungkasane ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan anggitane Imam H?. Undheraning panliten mau, panliti iki nduweni tujuwan: (1) njlentrehake ruwete bale wisma kang ana ing cerbung Tebusan , (2) njlentrehake j alaran tuwuhe ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan , lan (3) njlentrehake cara mungkasi ruwete bale wisma kang ana ing cerbung Tebusan anggitane Imam H. Panliten iki nggunakake rantaman metodhe deskriptif kualitatif lan nggunakake pamarekan tintingan s osiologi sastra. Sumber dhata yaiku awujud cerbung “ Tebusan ”. Dene dhata panliten yaiku tembung, frasa lan ukara kang ngemu konflik bale wisma mliginie ngenani (1) ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan ?, (2) jalaran tuwuhe ruwete bale wisma sajrone ce rbung Tebusan ?, lan (3) pungkasane ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan anggitane Imam H. Asile panliten iki yaiku ngenani ruwete bale wisma sajrone cerbung Tebusan anggitane Imam H kanthi tintingan sosiologi sastra kang ana ing cerbung. Bisa didudut yen ing panliten iki ana saperangan ruwete bale wisma, kayata anane tumi ndak sedheng lan nalika nggulawenthah anak. Tuwuhe ruwete bale wisma disebabake amarga ana perkar a kahanan ekonomi, kurange kawigaten, lan loro - lorone kerja. Banjur cara mungkasi ruwete bale wisma kuwi ana loro yaiku nandhingi tumindak sedheng lan pitutur saka wong pinter.

Published
2017-07-25
How to Cite
DYA KUMALASARI, P. (2017). RUWETE BALE WISMA SAJRONE CERBUNG TEBUSAN ANGGITANE IMAM H(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 47
PDF Downloads: 56