IMPLIKATUR KONVENSIONAL SIMBOLIKSAJRONE PAMEJANGAN KANTHI ISBATTUMRAP WARGA PERGURUAN PAMULANGAN ILMU SEJATI ING KUTHA SURABAYA

  • AH. SYAHRUL RAHMAT

Abstract

Implikatur ing basa Jawa wis tau ditliti nanging sing asipat konvensional simbolik du rung tau ana. Implikatur konvensional minangka implikatur sing wis gumathok lan dingerteni kanthi cara umum dening wong akeh, kerep diprangguli ing bebrayan Jawa, apa maneh sing sipate simbolik. Implikatur konvensional simbolik upamane sajrone pamejangan k anthi isbat tumrap warga Perguruan Pamulangan Ilmu Sejati ing Kutha Surabaya. Implikatur kasebut didhapuk saka wujud lan isi tuturan. Punjere panliten iki yaiku implikatur konvensional simbolik sing didhapuk saka wujud lan isi tuturan. Implikatur konvensional simbolik sajrone pamejangan kanthi isbat tumrap warga Perguruan Pamulangan Ilmu Sejat i ing Kutha Surabaya iki bisa didudut adhedhasar konteks carane mejang lan wujude wejangane. Carane mejang gumantung karo apa sing diwejangake (isi) bisa diperang dadi sanga, yaiku (1) medhar, (2) mbeber, (3) ndunungake, (4) merdeni, (5) nulat, (6) nuladha ni, (7) nyantrik, (8) mrentah, lan (9) nyritani. Wujude wejangan sing dianggo ing panliten iki yaiku awujud ukara isbat. Ukara isbat kasebut wujude nganggo basa sing lumrah, amarga saka basa lisan lan gumantung konteks panuture. Adhedhasar surasane wujude ukara isbate yaiku awujud (1) ukara pepindhan, (2) ukara pakon, lan (3) ukara crita. Dene wujude wejangan adhedhasar isine diperang dadi telu yaiku (1) sangkan parane dumadi, (2) dununge kawula - Gusti, lan (3) nglungguhi jagat gumelar. Tembung wigati: Impl ikatur konvensional simbolik, pamejangan, isbat, wujud, lan isi.

Published
2017-07-25
How to Cite
SYAHRUL RAHMAT, A. (2017). IMPLIKATUR KONVENSIONAL SIMBOLIKSAJRONE PAMEJANGAN KANTHI ISBATTUMRAP WARGA PERGURUAN PAMULANGAN ILMU SEJATI ING KUTHA SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 69
PDF Downloads: 174