SESAMBUNGAN SINTAGMATIK SAJRONEJENENGE BOCAHING KECAMATAN SARADAN KABUPATEN MADIUNKANG LAIR TAUN 2010-2015

  • IQRAR FANDY PUTRA

Abstract

Jeneng kalebu salah sijine jinise panganggone te ges. Jeneng yaiku tembung kanggo nyebut utawa nyeluk wong. Panggolonge jeneng ing panliten iki adhedhasar wujude, yaiku jeneng kang awujud tembung camboran, frase, lan aneksi. Telung perangan kasebut banjur digoleki sesambungan sintagmatike. Adhedhasar ba b kasebut, punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? (2) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik kang asipat dhist ributif sajrone jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015? Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sesambungan sintagmatik kang asipat enkapsulatif lan dhistributif sajrone jenenge bocah ing Kecama tan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Dhata k asebut diolehi saka nyatheti jenenge bocah ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang lair taun 2010 - 2015. Sabanjure, dhata kasebut dijlentrehake kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni sesambungan sintagmatike. Jenenge bocah sing kasil diklumpu kake ana 200, kang kaperang adhehdasar wujude. Jeneng kang awujud tembung camboran ana 120, frase ana 45, lan aneksi ana 35. Asile panliten iki nuduhake yen jeneng nduweni sesambungan sintagmatik kang dijlentrehake lumantar tabel - tabel, saengga diweruhi ji nise sesambungan sintagmatik kang cacahe ana 2, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Tembung wigati : sesambungan sintagmatik, jeneng, bocah.

Published
2017-07-25
How to Cite
FANDY PUTRA, I. (2017). SESAMBUNGAN SINTAGMATIK SAJRONEJENENGE BOCAHING KECAMATAN SARADAN KABUPATEN MADIUNKANG LAIR TAUN 2010-2015. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 42
PDF Downloads: 54