KONFLIK BATINPARAGASAJRONENOVELMENDHUNGANGGITANE YES ISMIE SURYAATMADJATINTINGAN PSIKOLOGI SASTRA

  • RIKA RATNA SARI

Abstract

Novel Mendhung anggitane Yes Ismie Suryaatmadja yaiku karya sastra kang nyritakake ngenani kahanan bale somah para paragane kang padha - padha tumindak slingkuh. Saka tumindake paraga kang slenca iki njalari tuwuhe konflik batin lan pa ngaribawa psikologis kang dialami dening paragane. Bale wisma kang ora harmonis iki disebabake karana para paragane padha nggugu nafsune lan kekarepane dhewe - dhewe. Iki merga anane tingkatan kapribaden kang diandharke dening Sigmund Freud sing mangaribawan i wilayah pamikire manungsa. Tingkatan kapribaden kasebut kaperang dadi telu ing antarane (1) Id yaiku naluri utawa pepenginan kang tuwuh saka jroning ati, (2) ego yaiku perwujudan saka id, banjur sing nomer (3) sup erego yaiku prinsip kapribaden kang ngan dhut aspek - aspek moral saka kapribaden saengga bisa ngendhalekake samubarang ala lan becik. Lelandhesan panliten kasebut dadi dhasar anane underaning panliten iki yaiku Kpriye struktur kapribadene paraga, kepriye konflik batin paraga sajrone tumindak slin gkuh, kepriye gegambaran wewatekane paraga, lan apa wae pangaribawa kajiwan saka tumindak slingkuh marang sakupenge sajrone novel Mendhung anggitane Yes Ismie Suryaatmadja Adhedhasar underan panliten kasebut, mula ancas saka panliten iki, yaiku : (1) Ngan dharake struktur kapribadene paraga sajrone novel Mendhung anggitane yes Ismie Suryaatmadja. (2) Ngandharake konflik batin paraga sajrone tumindak slingkuh ing novel Mendhung anggitane yes Ismie Suryaatmadja. (3) Ngandharake gegambaran wewatekane paraga s ajrone tumindak slingkuh ing novel Mendhung anggitane yes Ismie Suryaatmadja. (4) Ngandharake pangaribawa kajiwan saka tumindak slingkuh tumrap kahanan ing sakupenge. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kuwalitatif, amarga dhata kang ditliti sajron e panliten iki wujude tetembungan lan ukara, banjur ditliti kanthi cara faktual. Panliten iki uga nggunakake teori psikologi kapribaden Sigmund Freud amarga tumindak kang dialami dening paraga nuwuhake konflik - konflik kang gegayutan karo kajiwan sarta masa lah psikis . Dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku karya sastra awujud novel anggitane Yes Ismie Suryaatmadja kang cacahe ana 104 kaca. Tata cara kang dicakake kanggo ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku kanthi metodhe dhokumentasi. Panglumpu ke dhata kanthi cara nulis kedadeyan apa wae kang bisa didadekake bukti wujud konflik batin saka telung paraga kang onjo lan padha sesambungan yaiku Carik Jasmin, Warsinah, lan Rani sajrone novel Mendhung iki. Sarta maneka dhata - dhata ngenani teori kang d adi lelandhesan panliten iki kang kalumpuk saka maneka sumber kang ana. Asil saka panliten mujudake yen crita saka novel Mendhung bisa dadi patuladhan tur kaca benggala tumraping pamaca. Tumindak slenca yaiku slingkuh kang dumadi ing sawijining kulawarga bisa nyebabake tuwuhe maneka konflik kang disandhang mligine konflik batin, sarta saka tumindake kasebut uga nyebabake pangaribawa kajiwan tumrap anak - anake. Tumindak kang ora becik kaya kasebut bisa njalari paraga kang nindakake ngalami owah - owahan proble m kajiwan merga konflik batin kang dialami mangaribawani tumindake ing bebrayan. Novel Mendhung migunani tumrap pamaca minangka sarana panglipur, minangka piwulang, sarta bisa kanggo patuladhan supaya bisa tumindak becik ing bebrayan kasunyatan.

Published
2017-07-25
How to Cite
RATNA SARI, R. (2017). KONFLIK BATINPARAGASAJRONENOVELMENDHUNGANGGITANE YES ISMIE SURYAATMADJATINTINGAN PSIKOLOGI SASTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 97