LEKSIKON UPACARA ADAT ING DESA TAKSIKMADU KECAMATAN WATULIMOKABUPATEN TRENGGALEK

  • JHON GURUH PUTRA PAKARSI

Abstract

Leksikon ing kene minangka kumpulane tembung lan tembung - tembung ing bi dhang tartamtu kang nduweni teges. L eksikon utawa tetembun gan ing B asa Jawa durung dip erang adhedhasar bidhang - bidhange, ing antarane olah tetanen, kesehatan, pertukangan, pendhidhikan, lan sapanunggalane. Salah sawijine yaiku tetembun gan ing pendhidhikan ngenani upacara adat sembon yo . Perangane upacara adat sembon yo yaik u akeh banget, saengga l eksikon utawa tetembungan sajrone upacara adat s embonyo uga akeh. Leksikon ing upacara adat sembonyo kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike. Adhedhasar bab kasebut, punjere panliten iki yaiku: (1 ) Apa wae jinise lan sipate sesambungan paradhigmatike leksikon upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Keca matan Watulimo? (2) Apa wae jinise lan sipate sesambungan sintagmatike leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Keca matan Watuli mo? Tuju wane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake sipat sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watuli mo Kabupaten Trenggalek, saengga bisa kanggo ngerteni maknane leksikon sajrone upacara adat sembonyo ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watuli mo Kabupaten Trenggalek. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis nduweni ciri linguistik saka jinise wektu , asipat dheskriptif, lan asipat horizontal analisis. Dhata sajrone panliten iki yaiku istilah lan tembung - tembung kang digunakake ing upacara adat sembonyo , kang diolehi saka nyemak lan wawancara saka para panutur ing Desa Taksikmadu Kecamatan Watulimo Kabupaten Trenggalek. Dhata kang kasil banjur diklumpu kake diperang a dhedhasar pamerange leksikon ing upacara adat sembonyo. Dhata kasebut banjur dijlentrehake kanthi jlentrehan komponen makna kanggo ngerteni sesambungan paradhigmati ke, banjur dijlentrehake kanthi jlentrehan struktur batin kanggo ngerteni sesambungan sintag matike. Saliyane iku, kanggo mbu ktekake jinise sesambungan sintagmatik uga nggunakake metodhe agih (dhistribusional), mligine teknik ganti (su btitusi). Asile njlen trehake dhata banjur disuguhake kanthi metodhe formal lan informal. Upacara adat sembonyo in g Desa Taksikmadu Kecama tan Watulimo Kabupaten Tren ggaelek kang kasil diklumpukake ana 89 tetembungan lan tembung - tembung sing pakem lan tambahan sajrone upacara adat sembonyo kang dadi limang perangan. Asile panliten iki yaiku, leksikon ing upacara adat s embonyo nduweni sesambungan paradhigmatik kang dijlentrehake lu mantar tabel - tabel saengga bisa digoleki drajad pepadhane. Saliyane iku, uga bisa digoleki tegese tembung - tembunge. Jinise sesambungan paradhigmatik ana loro, hipernim lan hiponim. Adhedhasar j inise sesambungan paradhigmatik kasebut banjur bisa diweruhi sipate tembung kang netep lan ora netep. Sabanjure, jinise sesambungan sintagmatik ana loro, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Adhedhasar jinise sesambungan sintagmatik kasebut, banjur bisa diwe ruhi sipate tembung kang enkapsulatif lan dhistributif. Asile panliten iki nuduhake yen tembung kang asipat netep sajrone sesambungan paradhigmati k bakal nduweni sipat enkapsulatif sajron e sesambun gan sintagmatik. Dene sipate tembung kang ora netep sajrone sesa mbungan paradhigmatik nuduhake sipat kang dhistributif sajron e sesambun gan sintagmatik. Tembung wigati: sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, leksikon, lan upacara adat sembonyo.

Published
2017-07-25
How to Cite
GURUH PUTRA PAKARSI, J. (2017). LEKSIKON UPACARA ADAT ING DESA TAKSIKMADU KECAMATAN WATULIMOKABUPATEN TRENGGALEK. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 77
PDF Downloads: 67