PIWULANG AGAMA ISLAM SAJRONE KITAB NGALAM NGIBARAT

  • MUHAMMAD AFIK

Abstract

Sastra iku tuwuh amarga anane daya imajinasi saka pangripta lan kahanan kang ana ing panguripane manungsa saben dinane. Sajrone proses kanggo ngasilake lan menehi sawijine pamawas yen sastra iku minangka gegambarane kahanan sosial ing masyarakat, karya sastra uga ngemot piwulang lan tuntunan marang pamaose. Underaning prekara kang pinilih sajrone panliten yaiku: (1) kepriye dheskripsi Kitab Ngalam Ngibarat , (2) kepriye suntingan teks Kitab Ngalam Ngibarat , (3) kepriye piwulang agama islam kang kinandhut sajrone Kitab Ngalam Ngibarat. Tujuwan saka panliten yaiku: (1) ngandharake dheskripsi Kitab Ngalam Ngibarat , (2) ngandharake suntingan teks Kitab Ngalam Ngi barat , (3) ngandharake piwulang agama islam kang kinandhut sajrone Kitab Ngalam Ngibarat. Paedah saka panliten dikarepake bisa nduweni paedah kanggo panliten - panliten sastra jawa anyar utawa sastra jawa klasik kang nggunakake tintingan filologi. Bisa kang go pandom tumrap wong kang kepingin nyinaoni bab naskah jawa, sarta bisa kanggo kawruh tumrap pamaca kang sadurunge durung mangerteni ngenani kawruh kang kinandhut sajrone Kitab Ngalam Ngibarat . Bisa digunakake bahan ajar ngenani agama islam lan moral ing sekolah - sekolah. Kanggo ngonceki undheraning panliten ngenani Kitab Ngalam Ngibarat iki ngunakake teori filologi, struktur puisi lan piwulang agama islam. Teori kang digunakake sajrone panliten yaiku teori filologi modern lan struktur puisi. Konsep piwula ng agama islam digunakake kanggo medharake isi kang kinandhut sajrone Kitab Ngalam Ngibarat . Panliten iki nggunakake metode deskriptif analitik . Teori kang digunakake yaiku teori hermeneutika kanthi napsirake makna kang ana sajrone teks. Data - data sajrone panliten iki dikumpulake kanthi cara diwenehi tetenger nganggo b olpoin kang werna - werna rupane. Asiling panliten nuduhake dheskripsi naskah, suntingan naskah, sarta isine naskah. Piwulang agama islam sajrone panliten iki diperang dadi telung wujud yaiku s yariah, akidah, lan akhlak. Syariah sajrone Kitab Ngalam Ngibarat yaiku sembahyang, mbangun balewisma, lan tobat. Akidah sajrone Kitab Ngalam Ngibarat yaiku iman, sipat - sipat Allah, percaya marang malaikat, asale manungsa, lan nrima karsane Allah. Akhlak s ajrone Kitab Ngalam Ngibarat yaiku andhap asor, bekti marang guru, bekti marang wong tuwa, bekti sajrone balewisma, lan sabar. Tembung wigati: piwulang agama islam, filologi, hermeneutika.

Published
2017-07-25
How to Cite
AFIK, M. (2017). PIWULANG AGAMA ISLAM SAJRONE KITAB NGALAM NGIBARAT. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 36
PDF Downloads: 36