WUJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULANGEGURITANBOCAH CILIK DIUBER SRENGENGEANGGITANEWIDODOBASUKI

  • YOGA ANGGORINA KUKUH K.

Abstract

Wujud Metaforis Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge 1 W UJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULAN GEGURITAN BOCAH CILIK DIUBER SRENGENGE ANGGITANE WIDODO BASUKI Yoga Anggorina Kukuh Kurniawan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya ( yogaanggorina@gmail.com ) Darni Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya Abstrak Saben panggurit ndhuweni tata cara lan kekhasan dhewe - dhewe anggone medharake gagasane. Kabeh mau gumantung saka asil kreativitas anggone olah basa. Widodo Basuki minangka panggurit kang produktif, wis kasil ngripta guritan - guritan kanthi cara metafora kan g khas, yaiku kanthi cara inkonvensional. Ancase panliten iki ing antarane, ngandharake wujude makna metaforis kang durung umum (inkonvensional) sajrone sesambungane (1) manungsa lan Gusti, (2) manungsa lan manungsa, (3) manungsa lan lingkungan, lan (4) ma nungsa lan kapribadene ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Widodo Basuki. Paedahe panliten iki, bisa mundhakake kawruh ngenani karya sastra Jawa mligine guritan, sarta menehi sumbang sih tumrap pangrembakaning teori kasusastran Ja wa. Panliten iki kagolong panliten kuwalitatif kang ngandharake babagan kang gegayutan kalawan makna metaforis kanthi nggunakake tintingan stilistika. Data panliten iki yaiku guritan - guritan ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Wid odo Basuki kang ngemu perkara sesambungane manungsa kang diwedharake kanthi cara metafora. Guritan kang kapilih banjur dionceki siji mbaka siji adhedhasar sesambungane manungsa lan nggunkake metafora inkonvensional, yaiku metafora kang durung umum. Anane n ggunakake metafora inkonvensional supaya bisa mangerteni ke - khas - an kang diduweni dening Widodo Basuki minangka panggurit. Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge, Widodo Basuki luwih akeh nerangake sesambungane manungsa lan Gusti, tinimban g sesambungane manungsa lan liyane. Anggone medhar guritan - guritane mau, Widodo Basuki akeh - akeh nggunakake metafora inkonvensional kang nuwuhake makna anyar utawa teges entar. Lumantar pamilihing tembung lan pangrakite tembung kang kebak kalawan pepaesang basa kang ora umum, uga kebak kalawan lelewane basa kang tansah ngrenggani sajrone guritane, pranyata saya nambahi kaendahan tumrap karya - karyane kang awujud guritan iku mau. Tembung Wigati: metaforis inkonvensional, sesambungane manungsa.

Published
2017-07-25
How to Cite
ANGGORINA KUKUH K., Y. (2017). WUJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULANGEGURITANBOCAH CILIK DIUBER SRENGENGEANGGITANEWIDODOBASUKI. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 42
PDF Downloads: 72