HEGEMONI SAJRONE NOVEL SAPECAK BUMI SING KOBONG ANGGITANE HAZTINZAINA(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • DESITA DEWI INDRASWARI

Abstract

Novel Sapecak Bumi Sing Kobong anggitane Haztin Zaina nyritakake ngenani perjuwangane bangsa Indonesia sing dijajah Walanda. Maneka warna konflik lan intrik tuwuh ing antarane paraga siji lan sij ine saengga njalari anane praktek hegemoni. Underane panliten iki yaiku (1) Kepriye sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane ; (2) Kepriye gegambarane konflik - konflik kang nuwuhake hegemoni ; lan (3) Kepriye wujude hegemoni sajrone novel Sapecak B umi Sing Kobong . Ancase panliten yaiku (1) Njlentrehake sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane ; (2) Njlentrehake gegambarane konflik - konflik ; (3) Njlentrehake wujude hegemoni sajrone novel Sapecak Bumi Sing Kobong . Paedahe panliten yaiku ngremb akake panliten sastra, nambahi kawruh tumrap pamaos , bahan ajar piwulang sastra, lan bisa didadekake bahan rujukan kanggo panliti sabanjure. Panliten iki kalebu panliten kualitatif sing nggunakake teori sosiologi sastra. M etodhe sing digunakake yaiku deskr iptif analitik , dhata arupa tetembungan, ukara lan wacana saka dhata sing arep diandharake. Sumber dhatane arupa novel Sapecak Bumi Sing Kobon g . Teknik pangumpulan dhata ng gunakake teknik kapustakan. Asile panliten bisa diperang dadi telu. Kapisan, ngandh arake ngenani sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane sing bisa diperang dadi enem yaiku sesambungan pacangan kekasih, sesambungan antarane wong bebojoan, sesambungan antarane ibu lan anak, sesambungan antarane republik lan masyarakat biyasa, se sambungan antarane republik lan antheke Landa, banjur kang pungkasan sesambungan antarane pamimpin lan antheke. Kaloro, ngandharake konflik - konflik kang ana sajrone crita sing diperang dadi lima yaiku, beda pamikira n , beda tujuwan, rebutan ganjaran, rebuta n kakuwasan, dendam, lan rebutan tresna. Katelu, ngandharake wujud hegemoni kang ana sajrone crita. Hegemoni kasebut yaiku hegemoni supaya manut marang sawijine prentah, hegemoni supaya manut marang sawijine pamikiran, lan hegemoni kanggo njlomprongake (bh s.Indonesia: menjebak). Tembung wigati: konflik, h egemoni, sosiologi sastra

Published
2017-07-25
How to Cite
DEWI INDRASWARI, D. (2017). HEGEMONI SAJRONE NOVEL SAPECAK BUMI SING KOBONG ANGGITANE HAZTINZAINA(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 87
PDF Downloads: 62