PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITARAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

  • AYU SRI AMBARWATI

Abstract

Kawasisan basa sajrone pendhidhikan kudu disinaoni, salah sijine kawasisan basa yaiku kawasisan nyemak. Kawasisan nyemak sajrone pasinaon basa Jawa ana ing materi nyemak crita rakyat kanggo kelas VII SMP. Ing SMPN 2 Wli ngi, Blitar pamulangan kawasisan nyemak crita rakyat butuh dikembangake. Adhedhasar angket kebutuhan siswa nuduhake asil rata - rata angket kebutuhan siswa saka 3 sampel 2,45 kagolong kurang njangkepi kompetensi, saengga dibutuhake pengembangan medhia pasina on. Medhia animasi flash minangka medhia kang trep karo karakteristik siswa sajrone analisis angket kebutuhan siswa. Underan panliten iki ana telu yaiku (1) k epriye p e ngembangan medhia animasi flash (2) k epriye asile uji coba kelayakan medhia animasi flash tumrap kawasisan nyemak crita rakyat ing kelas eksperimen (3) k epriye tanggapane siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar. Ancase panliten iki yaiku (1) ngandharake asil p e ngembangan medhia animasi flash , (2) ngandharake asil uji coba kelayakan medhia animas i flash tumrap kawasisan nyemak crita rakyat ing kelas eksperimen, (3) ngandharake tanggapane siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar. Panliten iki ditindakake kanggo ngasilake prodhuk yaiku medhia animasi flash, banjur diuji kelayakane. Langkah pengembangan medhia nggunakake konsep Sugiyono yaiku nganalisis kebutuhan siswa, nglumpukake dhata kanggo isi medhia, desain prod h uk, pangetrapan desain, validasi medhia , revisi medhia, uji coba prodhuk , revisi , lan prodhuksi. Populasi ing panliten iki siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar taun 2015/2016. Sampel kang nggunakake teknik sampling purposive ing panliten eksperimen iki ana telu yaiku kelas VII A kelas kontrol, kelas VII E kelas eksperimen, lan kelas VII I kelas uji instrumen. Ing proses pengembangan medhia, desain medhia kang wis ditrepake banjur divalidasi . Asil validasi medhia antuk 66,8% kagolong apik. Asil validasi materi antuk 83% kagolong apik banget. R eliabilitas instrumen ing kelas uji instrumen dinyatakake reliabe l antuk asil 0,425 , instrumen layak digunakake. Asil pasinaon pretes t - posttest siswa saka pangetungan t itung kelas eksperimen 5,19 > t tabel (0,05, db=31) =2,04. Pambandhing biji pretes t - posttest kelas eksperimen lan kelas kontrol t itung = 2,11 > t tabel =2,00. A sil biji afektif kelas eksperimen lan kontrol yaiku 90,62 % lan 83,33%. Pambeda antarane kelas eksperimen lan kelas kontrol yaiku t tes 2,11 > t tabel 2,00. D hata asil pasinaon siswa kasebut nuduhake yen medhia layak digunakake. Tanggapan siswa tumrap panganggone medhia animasi flash apik. Asil angket respon siswa kelas VII I kelas uji instrumen antuk 79,78% kagolong apik. Asil angket respon siswa kelas VII E kelas eksperimen antuk 79,53% kagolong apik. Dadi bisa didudut yen panli ten iki nrima hipotesis pengembangan medhia animasi flash mangaribawani undhaking kawasisan nyemak crita rakyat. Kata Kunci : Pengembangan, Medhia Animasi Flash , Kawasisan Nyemak Crita Rakyat.

Published
2017-07-25
How to Cite
SRI AMBARWATI, A. (2017). PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITARAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 42
PDF Downloads: 48