IMPLIKATUR PACATURAN LAN PALANGGARAN MAKSIM KERJASAMA SAJRONETETAKONAN ING GRUP SUMBANGSIH

  • MARETA WAHYUNI

Abstract

mplikatur pacaturan lan palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan mujudake salah

sawijine elmu pragmatik. Implikatur pacaturan lan palanggar an maksim kerjasama ana sajrone tindak pacaturan langsung utawa ora langsung, ananging uga ana sajrone Grup Sumbangsih. Adhedhasar andharan kasebut underane panliten yaiku: (1) Apa wae jinis implikatur pacaturan sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih, (2) A pa wae jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih. Jumbuh karo underane panliten kasebut, ancase panliten yaiku: (1) Ngandharake apa wae jinis implikatur pacaturan sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih, (2) Ngandharake apa wae jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih. Teori kang digunakake yaiku Teori Yule kang disengkuyung dening teorine Grice. Metodhe panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku pawon gan kang nindakake pacaturan ning Grup Sumbangsih lan dhata kang utama yaiku arupa ukara tetakonan ning Grup Sumbangsih kang kawawas miturut underane panliten. Dhata ing panliten iki dikumpulake kanthi metodhe nyimak, waca, cathet, lan pustaka. Ing babagan analisis data, panliti nggunakake metodhe deskriptif. Asile panliten sing wis ditindakake kanthi nggunakake Grup Sumbangsih tinemu anane jinis implikatur pacaturan lan jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan. Jinis implikatur pacaturan sin g tinemu yaiku implikatur pacaturan umum lan implikatur pacaturan mligi. Dene jinis implikatur pacaturan umum sing tinemu ing Grup Sumbangsih yaiku implikatur berskala lan implikatur clausal . Banjur implikatur pacaturan mligi sing ditemokake yaiku implikatur premis lan implikatur conclusion . Dene jinis palanggaran maksim kerjasama sing tinemu ing Grup Sumbagsih yaiku palanggaran maksim kualitas, kuantitas, relevansi lan cara. Tembung Wigati : Implikatur Pacaturan, Palanggaran Maksim Kerjasama, Tetakonan

Published
2017-07-25
How to Cite
WAHYUNI, M. (2017). IMPLIKATUR PACATURAN LAN PALANGGARAN MAKSIM KERJASAMA SAJRONETETAKONAN ING GRUP SUMBANGSIH. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 34