LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITANLINTANG INGLANGIT WENGI(NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

  • SITI FATHIMAH ULFA

Abstract

Antologi geguritan Lintang Ing Langit Wengi kalebu sastra Jawa modern kang dianggit dening Ardini Pangastuti. Cacahe geguritan sajrone antologi ana 69 geguritan nggunakake basa Jawa Anyar. Antologi geguritan iki nggunakake tembung - temb ung kang dirakit dening pangripta kanthi premati. Geguritan sajrone antologi akeh kang ngrembug bebener, saengga nyurasa filosofis kang ndadekake penasarane pamaos. Pangripta uga nggunakake basa kang endah kanthi pilihan tembung lan ukara kang trep. Bab ma u ndadekake kawigatene pan ulis kanggo nliti antologi iki. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye aspek filosofise geguritan arupa loro - loroning atunggil?, (2) Kepriye panggunane basa kanggo medharake aspek filsafate panggurit?. Adhedhasar underane panliten kasebut ancase panliten, yaiku: (1) Njlentrehake aspek filosofise geguritan arupa loro - loroning atunggil, (2) Njlentrehake panggunane basa kanggo medharake aspek filsafate panggurit. Filsafat mujudake ilmu ngenani tresna kawicaksanan. Filsafat minangka il mu kearifan kang nanggepi samubarang kang ana ing panguripan (Endraswara, 2012:2). Miturut pamawase Endraswara ilmu filsafat nduweni telung aspek yaiku ontologi, epistemologi, lan aksiologi. Katelu aspek kasebut bakal digunakake kanggo nganalisis objek. Ka nggo nyengkuyung, panliten iki bakal nggoleki prinsip - prinsip panggunane basa kanthi pamarkan stilistik. Teori kang digunakake yaiku teorine Nurgiyantoro, kang ngandharake ilmu kang nyinaoni lelewane basa sawijine karya sastra (Nurgiyantoro, 2013:369). M etodhe panliten kanthi objek antologi geguritan Lintang Ing Langit Wengi iki nggunakake metode deskriptif kualitatif . Sumber dhata panliten yaiku geguritan filosofis kang cacahe ana 24 geguritan. Dhata kang utama yaiku arupa tembung lan frasa sajrone antol ogi geguritan Lintang Ing Langit Wengi. Dhata ing panliten iki diklumpukake kanthi teknik waca, cathet, lan kapustakan. Panliti nganalisis nggunakake metodhe analisis deskriptif kanthi pamarekan filosofis lan stilistik. Isi sajrone antologi geguritan Lint ang Ing Langit Wengi arupa kawicaksanan Jawa kang asipat loro - loroning atunggil. Ngenani reriptane Pengeran ing ndonya kaya dene, mati lan urip, Gusti lan manungsa, bungah lan susah, biyen lan saiki. Panggunane basa ana rong perangan yaiku, kapisan pamilih ing tembung kang ana sajrone panliten iki yaiku titi swara (purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru lumaksita), titi tembung (tembung saroja), lan titi makna (dasanama). Kapindho, lelewane basa kang ana sajrone antologi geguritan LILW yaiku majas perso nifikasi lan pencitraan.

Published
2017-07-25
How to Cite
FATHIMAH ULFA, S. (2017). LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITANLINTANG INGLANGIT WENGI(NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 30