PERJUWANGANE WANITASAJRONENOVELSANJA SANGUTREBELAANGGITANEPENI(TINTINGANFEMINISME)

  • RISSANDA YUNIDA MIHARGANDINI

Abstract

Novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni yaiku salah sawijine wujud karya sastra Jawa Modern. Novel Sanja Sngu Trebela nggambarake perjuwangane wanita Jawa kanggo nggayuh hak - hak kanthi adhil minangka wanita. Pramila novel Sanja Sangu T rebela angitane Peni kang bakal digunakake minangka objek panliten. Perjuwangane paraga utama wanita sajrone novel kasebut uga bakal diandharake dening panliten kanthi nggunakake tintingan feminisme. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye citrane wanita J awa sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (2) kepriye wujud tumindak ora adhil sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (3) kepriye perjuwangan kang digambarake paraga utama wanita sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni. Sela ras karo underane panliten dimangerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake citrane wanita Jawa sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (2) ngandharake wujud tumindak ora adhil sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (3) nga ndharake perjuwangan kang digambarake paraga utama utama sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo mangerteni sawernane wujud tumindak ora adhil kang disandhang dening paraga utama wanita sajrone novel Sanja Sang u Trebela , sarta nemokake wujud perjuwangane paraga utama wanita. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten yaiku arupa novel Sanja Sangu Trebela . Dhatane panliten yaiku gegambaran panguripan wani ta Jawa kang arupa ukara sajrone novel Sanja Sangu Trebela . Tata cara nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan feminisme. Asile panliten iki di perang dhedhasar underane panliten. Sepisan, ngenani citrane wanita Jawa. Citrane wanita Jawa kang digambarake sajrone novel yaiku tradhisi jejodhoan, kurange pendhdhikan, wanita makarya, wanita kuwat, lan wanita kuwasa. Kapindho, yaiku ngenani tumindak di skriminasi tumrap wanita. Tumindak diskriminasi sajrone novel diperang dadi loro yaiku kekerasan lan penelantaran. Pungkasan, yaiku ngenani perjuwangane paraga utama. Perjuwangan paraga utama diperang dadi loro yaiku perjuwangan kanggo mungkasi dis krimina si lan perjuwangan dadi wanita intelektual.

Published
2017-07-25
How to Cite
YUNIDA MIHARGANDINI, R. (2017). PERJUWANGANE WANITASAJRONENOVELSANJA SANGUTREBELAANGGITANEPENI(TINTINGANFEMINISME). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 23
PDF Downloads: 34