KABUTUHAN RASA AMAN PARAGA UTAMASAJRONE CERBUNGSRENGENGE TENGANGEANGGITANE SUHINDRIYO: TINTINGANPSIKOLOGI HUMANISTIK ABRAHAM MASLOW

  • EDI SUSANTO

Abstract

Cerbung Srengenge Tengange anggitane Narko Budiman nyeritakake ngenani lakon paraga utama yaiku Anisa. Anisa kang nandhang utang piutange bojone. Anggone ngupaya pepenginane kanggo nyaur utang lan mar emake kabutuhan sajrone uripe kasebut, mula nuwuhake saperangan kang wigati sajrone dhiri pribadhine paraga utama. Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut, underane panliten iki yaiku: 1) kepriye gegambarane kabutuhan rasa aman paraga, 2) kepriye proble m saka kabutuhan rasa aman paraga utama, lan 3) kepriye upayane nyukupi kabutuhan rasa aman paraga utama. Underane panliten ing antarane yaiku 1) ngandharake gegambarane kabutuhan rasa aman paraga utama, 2) ngandharake problem saka kabutuhan rasa aman para ga utama, lan 3) ngandharake upayane nyukupi kabutuhan rasa aman paraga utama. Saka sakabehe punjere panliten iki, cerbung Srengenge Tengange dianalisis nggunakake tintingan psiokologi humanistik teorine Abraham Maslow. Jinis panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata yaiku arupa teks cerbung Srengenge Tengange anggitane Narko Budiman, dene dhata ing panliten iki yaiku tetembungan kang tinulis, ukara lan wacana kang ngandhut motif psikologis tumrap paraga utama. Teknik ngumpulake dhat a sajrone panliten yaiku kanthi studhi pustaka, sitem tandha, lan cathetan. Tata cara nganalisis dhata kaperang dadi: 1) tahap panjlentrehan dhata, 2) dhata diklasifikake miturut undera panliten, 3) interpretasi yaiku panliten nggunakake analisis isi, ngen ani isi crita. Paedahe panliten iki yaiku tumrap pamaca bisa nambah kawruh. Dene tumrap piwulangan sastra, mligine marang mahasiswa kaajab bisa migunani kanggo panliten sabanjure. Salaras karo underane panliten, asile panliten kaperang dadi telu yaiku kap isan ngenani gegambaran kabutuhan rasa aman paraga utama sajrone cerbung Srengenge Tengange yaiku 1) kabutuhan rasa aman saka utang, 2) kabutuhan rasa aman saka tagihan bank, lan 3) kabutuhan rasa aman saka tagihan koprasi. Problem kang tuwuh saka kabutuha n rasa aman diperang dadi pitu yaiku 1) rasa wedi, 2) rasa kuwatir, 3) rasa trauma, 4) pikiran mbruwet, 5) sarwa salah, 6) rikuh, 7) ati judheg. Problem kang onjo sajrone cerbung Srengenge Tengange yaiku problem rasa wedi. Pungkasan upaya mungkasi problem saka kabutuhan rasa aman 1) gelem nampa pamawase liyan, 2) nyilih dhuwit lan 3) dadi penyanyi. Tembung wigati : Psikologi humanistik, Kabutuhan rasa aman.

Published
2017-07-25
How to Cite
SUSANTO, E. (2017). KABUTUHAN RASA AMAN PARAGA UTAMASAJRONE CERBUNGSRENGENGE TENGANGEANGGITANE SUHINDRIYO: TINTINGANPSIKOLOGI HUMANISTIK ABRAHAM MASLOW. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 34
PDF Downloads: 31