MAKNA SEMIOTIS MANTRA SAJRONE BUKU “JAMPE-JAMPE KI JOKO BODO” ANGGITANE BUANERGIS MURYONO

  • FUNGKI DELLATAMA
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Abstrak

Semiotis mujudake ilmu kang nyinaoni makna kang kaiket marang babagan linguistik utawa basa kanggo nintingi struktur uga maknane kanthi luwih jero. Semiotis uga tuwuh saka anane tandha-tandha kang ana sajrone urip bebrayan kanthi sosial lan budaya. Kahanan sosial lan budaya sajrone mantra nggambarake kahanan kang nduweni sesambungan karo urip manungsa sajrone bebrayan. Kabudayan sajrone kauripan sosial bebrayan Jawa akeh banget kang isih diugemi nganti dadi tradhisi. Sosial lan kabudayan kang isih diugemi dening bebrayan jawa bisa nuwuhake karukunan tumrap manungsa sajrone bebrayan. Mantra minangka salah sawijine karya sastra kang tuwuh lan ngrembaka ing bebrayan Jawa. Sajrone panliten iki nggunakake dhata mantra saka buku “Jampe-Jampe Ki Joko Bodo” utawa disingkat (JJKJB) anggitane Buanergis Muryono. Mantra diugemi bebrayan Jawa minangka karya sastra kang nduweni makna-makna tartamtu ing saben tetembungane kang ngandhut prilaku-prilaku urip manungsa. Kayata sikap urip kang ditindakake dening manungsa ing saben dinan.

Panliten iki ditintingi nggunakake pamarekan Semiotik Charles Sanders Pierce yaiku kanthi nggoleki trikotomi kang ana sajrone mantra. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku arupa 13 mantra kang nduweni makna sesambungan karo sosial lan kabudayan sajrone buku JJKJB. Panliten nggunakake dhata arupa tembung lan ukara kang sesambungan karo undheran panliten. Teknik panglumpukane dhata nggunakake metodhe study kapustakaan. Teknik pangolahan dhata kang digunakake yaiku kanthi ndheskripsikake dhata, napsirake dhata, lan menehi dudutan asil panliten.

Asil panliten iki yaiku ngandharake (1) Wujud struktur mantra tumrap buku JJKJB kang diperang dadi enem yaiku struktur judhul, struktur pambuka, struktur salam, struktur kapitayan, struktur niyat, lan struktur panutup, (2) Wujud tandha lan makna semiotis tumrap buku JJKJB, wujud tandha kaperang dadi telu yaiku ikon, indeks, lan simbol. Banjur makna semiotis uga kaperang dadi telu kathi aran trikotomi yaiku representamen, objek lan interpretan kanggo menehi makna sawijine mantra, (3) Prilaku urip manungsa sajrone mantra ing buku JJKJB kang ana sesambungane karo sosiologi kultural utawa kabudayan manungsa diperang dadi papat, yaiku karukunan marang bebrayan, andhap asor, nriman marang apa kang di nduweni, lan budhi kang luhur.

Tembung-tembung wigati : mantra, struktur, semiotis, sosiologi, kultural




Published
2019-07-02
How to Cite
DELLATAMA, F., & PURNOMO, B. (2019). MAKNA SEMIOTIS MANTRA SAJRONE BUKU “JAMPE-JAMPE KI JOKO BODO” ANGGITANE BUANERGIS MURYONO. JOB (Jurnal Online Baradha), 7(2). https://doi.org/10.26740/job.v7n2.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 66
PDF Downloads: 85