UNSUR STILISTIK SAJRONE ANTAWACANA RINGGIT PURWA LAKON SAMBA JUWING DENING KI NARTOSABDO

  • MUHAMMAD YUSUF PEBRIANSYAH
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Abstrak

Panaliten stilistika kang ditindakake dening mahasiswa Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Daerah lumrahe ditindakake mawa objek tinulis kaya cerkak, naskah, novel, geguritan. Ana sajrone panaliten iki objek awujud antawacana pagelaran wayang purwa kanthi lakon Samba Juwing dening dhalang Ki Nartosabdo. Lumantar pamawas sastra, unsur stilistik bakal digoleki lan didhata kanthi trawaca kanggo dianalisis. Unsur-unsur stilistik kang bakal diteliti ana telu yaiku purwakanthi, lelewane basa, lan cecandran. Dene tujuwan saka anane panaliten iki yaiku sepisan ngrampungake tugas akhir mahasiswa kang awujud skripsi minangka sarat srana anggone bisa lulus. Kepindho, meruhi lan njlentrehake unsur-unsur stilistik lan fungsionalitas stilistik kang kinandhut sajrone antawacana pagelaran wayang purwa kanthi lakon Samba Juwing dening dhalang Ki Nartosabdo minangka objek panaliten. Panaliten iki asipaf dheskriptif kualitatif. Sumber dhata awujud rekaman kaset pita kang wis didigitalisasi dadi video kang diupload ing youtube. Dhata kang digunakake awujud antawacana kang ngandhut unsur stilistik sajrone objek. Teknik kang digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku migunakake teknik nyemak lan nyathet. Dene, analisis dhata nggunakake teori stilistika. Asil saka panaliten iki yaiku (1) unsur-unsur stilistik kang kinandut sajrone antawacana pagelaran wayang purwa lakon Samba Juwing dening Ki Nartosabdo. (2) Fungsionalitas unsur stilistik sajrone antawacana kang digunakake sajrone lakon Samba Juwing dening Ki Nartosabdo.

Tembung Wigati: Antawacana, Unsur-Unsur Stilistik, Fungsionalitas, Ki Nartosabdo, Samba Juwing.






Published
2020-05-10
How to Cite
YUSUF PEBRIANSYAH, M., & PURNOMO, B. (2020). UNSUR STILISTIK SAJRONE ANTAWACANA RINGGIT PURWA LAKON SAMBA JUWING DENING KI NARTOSABDO. JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 61
PDF Downloads: 16