KAPITAYAN MARANG MISTIS SAJRONE CERBUNG WEWADI ING GUNUNG CILIK ANGGITANE SARTONO KUSUMANINGRAT (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)

  • EKO ADI PRABOWO
  • YUNITA ERNAWATI

Abstract

Cerbung Wewadi Ing Gunung Cilik mujudake karya sastra sing ngandharake bab kapiyan marang mistis. Cerbung iki nggambarake urip masarakat Jawa sing nduweni pangupajiwa minangka dhukun jathilan. Dhukun jathilan mujudake salah sawijine pangupajiwa masarakat Jawa sing ana sesambungan karo samubarang sing asifat mistis. Mistis Jawa ora bisa uwal saka pakulinan masarakat Jawa sing nuwuhake budaya. Adhedhasar landhesan panliten kasebut, panliten iki bakal ngrembug (1) wujud ilmu gaib, (2) wujud bangsa alus, (3) wujud tirakat (4) wujud sesaji sajrone cerbung. Panliten iki nduweni paedah kanggo ngrembakake kawruh ilmu sastra mligine antropologi sastra. Panliten iki nggunakake metodhe dheskiptif kualitatif. Tata cara sing digunakake sajrone panliten iki yaiku teknik kapustakan. Sumber dhata utama ing panliten iki yaiku Cerbung Wewadi Ing Gunung Cilik anggitane Sartono Kusumaningrat sing diterbitake Kalawarti Jaya Baya taun 2018 sing disengkuyung dhata skunder saka koran, asil panliten, majalah, lsp. Teori sing digunakake kanggo medhar cerbung iki yaiku teori perspektif antropologi sastra. Dhata-dhata sing digunakake sajrone panliten iki yaiku arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana sing ana sajrone Cerbung Wewadi Ing Gunung Cilik. Asiling panliten iki bisa didudut patang bab laras karo underane panliten (1) Wujud Ilmu gaib sajrone cerbung kaperang dadi papat yaiku prodhuktif, protektif, destruktif, lan petungan sing diwujudake penglarisan, pamuteran, usada, tuju, pengasihan, lan petungan (2) Wujud bangsa alus sajrone cerbung yaiku lelembut, thuyul, dhemit, dhanyang (3) Wujud tirakat sajrone cerbung dilakokake ing pundhen kanthi tujuwan nentremake ati, nggayuh ilmu gaib, lan sesambungan karo ruh leluhur, (4) Wujud sesaji sajrone cerbung dilakokake minangka wujud sesambungan karo bangsa alus kanthi pangajab slamet sing disuguhake kanthi upacara slametan. Patang perangan kasebut minangka wujud kapitayan masarakat marang mistis. Kapitayan marang mistis sajrone cerbung WIGC isih dumadi satengahe masarakat Jawa nganti seprene.

Tembung wigati: ilmu gaib, mistis, dhukun, tirakat, bangsa alus, sesaji





Published
2020-05-15
How to Cite
ADI PRABOWO, E., & ERNAWATI, Y. (2020). KAPITAYAN MARANG MISTIS SAJRONE CERBUNG WEWADI ING GUNUNG CILIK ANGGITANE SARTONO KUSUMANINGRAT (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 68
PDF Downloads: 42