Relasi Semantik Leksikal Dasanama kang Dumadi ing Tindak Tutur Lokusi Martakake sajrone Khotbah ing GKJW Wiyung Surabaya

  • NATANAEL FEBRI RAHMANDA
  • SUGENG ADIPITOYO

Abstract

Panliten ngengingi semantik lan pragmatik tamtune wis akeh ditindakake, nanging panliten ngengingi semantik kang bisa dumadi sajrone pragmatik isih durung akeh ditindakake. Relasi semantik leksikal bisa diperang dadi telulas, lan salah siji peranggan kang dianggep mirunggan yaiku perangan dasanama. Panliten iki munjer nliti relasi semantik leksikal dasanama kang dumadi ing tindak tutur lokusi martakake. Panliten iki bakal munjer ing sajrone tindak tutur sajrone khotbah ing Greja. Panliten ngengingi tindak tutur sajrone khotbah wis ana sadurunge, nanging tindak tutur kang ditliti yaiku tindak tutur informatif, lan sajrone panliten iki luwih mligi maneh yaiku kang dumadi ing tindak tutur lokusi martakake.

Punjere saka panliten iki yaiku, tindak tutur lokusi martakake sajrone khotbah ing Greja Kristen Jawi Wetan (sabanjure GKJW). Dene underane yaiku (1) kepriye relasi semantik leksikal dasanama kang dumadi ing tindak tutur atur pawarta konstruktif sajrone khotbah ing GKJW Wiyung Surabaya; (2) kepriye relasi semantik leksikal dasanama kang dumadi ing tindak tutur atur pawarta substantif sajrone khotbah ing GKJW Wiyung Surabaya; (3) kepriye relasi semantik leksikal dasanama kang dumadi ing tindak tutur atur pawarta prosedural sajrone khotbah ing GKJW Wiyung Surabaya.

Adhedhasar jlentrehan lan andharan saka analisis dhata bisa dimangerteni yen relasi semantik leksikal dasanama kang bisa dumadi ing tindak tutur lokusi martakake bisa diperang dadi telu, yaiku adhedhasar jinise tembung, dhistribusine, lan tebane teges. Dene sajrone tindak tutur lokusi martakake bisa diperang dadi telu yaiku adhedhasar saka konstruksi, substansi, lan prosedural. Saka asile panliten panutur luwih kerep nuturake tindak tutur lokusi martakake kanthi cara konstruksi lan substansi, dene kang cara prosedural ora kerep dienggo.

Tembung Wigati: Dasanama, Martakake, GKJW, lan Tindak Tutur.
Published
2020-05-15
How to Cite
FEBRI RAHMANDA, N., & ADIPITOYO, S. (2020). Relasi Semantik Leksikal Dasanama kang Dumadi ing Tindak Tutur Lokusi Martakake sajrone Khotbah ing GKJW Wiyung Surabaya. JOB (Jurnal Online Baradha), 13(4). https://doi.org/10.26740/job.v13n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 81
PDF Downloads: 76