METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

  • DENI CANDRA IRAWAN

Abstract

Abstrak

                   Metonimi ing basa Jawa kalebu salah siji jinise sesambungane teges ing titi teges utawa semantik. Lumrahe metonimi ing basa Jawa nuduhake asosiasi kang wis dingerteni ing struktur basane. Kanthi nliti sesambungane teges metonimi ing basa Jawa pranyata metonimi nduweni wujud lan golongan kang mligi yen ditandhingake karo sesambungane teges liyane.

                   Punjere panliten yaiku 1) kepriye wujude sesambungane teges metonimi ing basa Jawa padinan masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung? lan 2) apa wae golongane sesambungane teges metonimi ing basa Jawa padinan masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung?. Dene ancase panliten yaiku 1) ngandharake kepriye wujude sesambungane teges metonimi ing basa Jawa padinan masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung lan 2) ngandharake apa wae golongane sesambungane teges metonimi ing basa Jawa padinan masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung. Dhata ing panliten iki yaiku basa padinan masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung. Dene sumber dhatane yaiku masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung.

                   Asile panliten sesambungane teges metonimi ing basa Jawa diperang dadi loro yaiku 1) sesambungane teges metonimi adhedhasar wujude lan 2) sesambungane teges metonimi adhedhasar golongan referen. Metonimi adhedhasar wujude diperang dadi loro yaiku 1) metonimi adhedhasar satuwan linguale lan 2) metonimi adhedhasar jinise. Metonimi adhedhasar satuwan linguale diperang dadi telu yaiku 1) metonimi kang awujud tembung lingga, 2) metonimi kang awujud tembung andhahan, lan 3) metonimi kang awujud gatra. Metonimi adhedhasar  jinise diperang dadi papat yaiku 1) metonimi kang nduweni sesambungan spasial, 2) metonimi kang nduweni sesambungan temporal, 3) metonimi kang nduweni sesambungan idhentifikatif lan 4) metonimi kang nduweni sesambungan logikal. Sesambungane teges metonimi adhedhasar golongan referen diperang dadi papat yaiku 1) golongane metonimi manungsa, 2) golongane metonimi kewan, 3) golongan metonimi tetuwuhan, lan 4) golongan metonimi barang.

Tembung Wigati: metonimi, sesambungane teges, basa Jawa      

Published
2014-07-18
How to Cite
CANDRA IRAWAN, D. (2014). METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 47