TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG(Tintingan Folklor)

  • NILA YAFIE

Abstract

Abstrak

                Tradhisi Buceng Robyong yaiku salah sawijining tradhisi sing ana lan ditindakake saben taun ing desa Geger kecamatan Sendang kabupaten Tulungagung. Warga masyarakat desa Geger isih njunjung dhuwur banget amarga tradhisi buceng robyong minangka tradhisi tinggalane para leluhur. Tradhisi Buceng Robyong iki dianakake saben setahun pisan ing tanggal 1 Sura sasi Sura. Tradhisi iki kudu dianakake supaya diwenehi keslametan lan asil kaluwih –luwih anggone tetanem.

Underaning panliten sing bakal dijlentrehake, yaiku: (1) Apa wae ubarampe lan makna kang kinandhut ing tradhisi“ Tradhisi Buceng Robyong ing Desa Geger Kecamatan sendang Kabupaten Tulungagung,(2) Kepriye makna lan tata rakit “ Tradhisi Buceng robyong ing desa Geger kecamatan Sendang kabupaten Tulungagung, (3) Apa wae fungsi kang ana ing “Tradhisi Buceng Robyong ing desa Geger kecamatan Sendang kabupaten Tulungagung, (4)  Kepriye cara nglestarekake Tradhisi Buceng Robyong desa Geger kecamatan Sendang kabupaten Tulungagung?

Tujuwan panliten iki yaiku kaperang dadi loro, yaiku tujuwan panliten umum lan khusus. Tujuwaning panliten khusus yaiku Panliten iki kanggo menehi gegambaran umum ngenani tradhisi “buceng robyong” kanggo inventarisasi lan kanggo golek nilai budaya sarta kanggo ngembangake ilmu folklor  sarta kanggo nguri – uri kabudayaan Jawa. Tujuwan khususe yaiku: 1) Kanggo ndeskripsikakae kepriye lumakune tradhisi Buceng Robyong” lan Ubarampe apa wae kang digunakake ing sajrone tradhisi “Buceng Robyong ing Dusung Geger, Desa Sendang, Kecamatan Sendang, Kabupaten Tulungagung. 2)Kanggo ndeskripsikake makna kang kinandhut ana ing sajrone tradhisi “Buceng Robyong” Dusun Geger,Desa Sendang, Kecamatan Sendang, Kabupaten Tulungagung. 3)Lan kanggo ndeskripsikake fungsi kang kinandhut ana ing tradhisi “Buceng Robyong” kanggo masyarakat Dusun Geger, Desa Sendang, Kecamatan Sendang, Kabupaten Tulungagung.

Lelandhesan teori kang digunakake kanggo underaning panliten ing ndhuwur yaiku teori folklor kang digunakake dening Pierce yaiku ngenani ilmu semiotik, semiotik yaiku ilmu ngenani tanda –tanda Ana telu folklor kang nuduhake anane tandha, yaiku tandha iku dhewe, bab kang ditandhai, sawijining tandha anyar kang dumadi ana ing sajroning batin panrima. Saliyane kuwi uga nggunakake teorine Bascom, Miturut Bascom ing Danandjaja (1994: 19), fungsi folklor yaiku (1) minangka sistem proyeksi, (2) dadi piranti kanggo ngesahake pranata – pranata lan lembaga kabudayan, (3) dadi piranti panggulawentah marang bocah – bocah, (4) minangka piranti kang meksa lan ngewasi supaya norma – norma bebrayan bisa tansah dilakoni dening bebrayan.

Panliten iki kalebu panliten kang nggunakake metode deskriptif kualitatif, dhata kang dilumpukake diolehake saka asil observasi, wawancara, dhokumentasi lan kuisioner. Tatacara ngolah dhata yaiku kanthi nganalisis dhata yaiku tranksripsi dhata nggolongake lan madhakne karo panliten kuwi, menehake dhata saka underaning panliten banjur menehi simpulan saka asil pembahasan.

Saka analisi dhata, mula asile saaka analisis dhata, yaiku: kaping pisan yaiku ngandharake ngenani apa wae ubarampe lan makna kang kinandhut ing sajrone Tradhisi Buceng Robyong yaiku ana sega putih, kacang lanjaran, sayur –sayuran mentah, endog lan buceng ing sajrone buceng iki uga ana ubarampe kang nduweni makna yaiku buceng, ingkung, iwak teri, kuluban, jajan pasar lan roti mangkok. Kaping pindho ngandharake yaiku kepriye makna lan tatarakit tradhisi Buceng Robyong kayata persiapan tradhisi, melekan sadurunge tradhisi Buceng Robyong, wektu tumindhake tradhisi buceng robyong, arak –arakan tumuju candi penampean, adicara larungan, adicara ndonga ing candi penampean, adicara panglipur. Kaping telune yaiku fungsi kang kinandhut ing sajrone tradhisi buceng robyong sistem proyeksi, sistem minangka sarana pendhidhikan, fungsi religius, fungsi hiburan, fungsi minangka piranti kanggo meksa lan Ngawasi supaya aturan bebrayan tetep bisa diugemi. Banjur kang pungkasan yaiku Tanggapan Bebrayan lan Rekadaya Nglestarekake Upacara Tradhisi Buceng Robyong Ing Desa Geger Kecamatan Sendang Kabupaten Tulungagung.

Published
2014-08-19
How to Cite
YAFIE, N. (2014). TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG(Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 68
PDF Downloads: 53