WUJUD LAN JINISE REDHUNDHASI ING BASA JAWA

  • WIDHARMA ALIT SUKMA PUTRA

Abstract

Abstrak

        Redhundhansi yaiku sesambungane teges kang kalebu semantik lan  nggunakake tembung-tembung kanthi diluwih-luwihake utawa bisa diarani ngirit tembung. Kanthi panganggone tembung kang diluwih-luwihake mau, redhundhansi ora kalebu ukara kang baku. Saliyane kuwi, redhundhansi uga nerak logika basa. Logis ateges imbang-nimbang akal utawa pamikir kang diandharake wujud tembung lan nyatakake wujud ukara. Dadi basa kang logis bisa nggunakake basa kang standar, yaiku basa kang bisa ditampa dening nalare manungsa. Basa kang standar ing kene biyasane digunakake ing kahanan kang resmi utawa formal. Penganggone basa kang standar ing kahanan kang formal bisa  ing adicara pidhato.

       Salaras karo andharan ing ndhuwur, underane panliten yaiku; (1) Apa wae wujude redhundhansi adhedhasar satuwan linguistike?; (2) Apa wae jinis-jinise redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar maknane?. Panliten iki nggunakake ancangan dheskriptif analisis yaiku ancangan kang nduweni sipat njlentrehake wujud lan jinise redhundhansi ing basa Jawa kanthi gamblang.  Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa jawa. Sumbere dhata yaiku pidhato. Dene dhatane yaiku ukara-ukara kang digunakake ing pidhato. Tata cara nglumpukake dhata nganggo teknik nyemak ora mawa cakap lan nyathet. Tata cara pangolahing dhata, teknik kang digunakake yaiku teknik analisis dhata. Dene tata cara ngandharake asil analisis dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharake analisis dhata kanthi nggunakake tetembungan kang lumrah.

Adhedhasar asile andharan lan jlentrehan dhata, wujude redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike bisa kaperang dadi loro, yaiku frasa lan klausa. Saka wujud redhundhansi mau, banjur diandharake jinis-jinise redhundhansi adhedhasar maknane. Redhundhansi kang awujud frasa nduweni limang jinis, yaiku redhundhansi frasa cacah, redhundhansi frasa sipat, redhundhansi frasa dunung, redhundhansi frasa idhentifikatif, lan redhundhansi frasa tembung saroja. Redhundhansi kang awujud klausa nduweni telung jinis yaiku redhudhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak, redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep idhentifikatif, lan redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tembung saroja.

 

 

Kata Kunci: redhundhansi, wujud, jinis

Published
2014-08-19
How to Cite
ALIT SUKMA PUTRA, W. (2014). WUJUD LAN JINISE REDHUNDHASI ING BASA JAWA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 159
PDF Downloads: 82