KONTRAKSI TEMBUNG BASA JAWA ING CECATURAN MASYARAKAT WILAYAH JOMBANG

  • SUDARMANTO

Abstract

Abstrak

kontraksi basa basa Jawa isih arang kang nliti. Kontraksi minangka salah sawijine perangan saka Abreviasi.Saka perangan iku mula panliten iki njupuk mung saperangan wae yaiku kontraksi supaya luwih jero anggone nliti.Obyek panliten kang ditliti yaiku basa Jawa ngoko ing masyarakat wilayah Jombang. Wilayah Jombang iki dipilih amerga panliti minangka penutur asli saka wilayah Jombang kang luwih ngerti leksikon-leksikon mligine basa Jawa kang kena proses kontraksi ing wilayah Jombang. Undere panliten iki, yaiku (1) kepriye wujude proses kontraksi basa Jawa ing wilayah Jombang; (2) apa wae guna utawa fungsi saka proses kontraksi basa Jawa ing wilayah Jombang. Adhedhasar undere panliten iki, mula kang dadi tujuwane panliten iki, yaiku (1) njlentrehake wujude saka proses kontraksi basa Jawa ing wilayah Jombang; (2) njlentrehake fungsine saka proses kontraksi basa Jawa ing wilayah Jombang. Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku gramatika transformasi utawa gramatika kang nyakup tataran-tataran tradhisonal yaiku sintaksis, morfologi lan fonologi. Morfologi ngrembug babagan mujudake tembung anyar.morfologis yaiku proses mujudake tembung amerga anane afiksasi, reduplikasi lan pamejemukan. Kalebu uga guna utawa fungsi kang bisa diasilake saka proses kontraksi.Panliten ngenani proses kontraksi basa Jawa ing wilayah Jombang iki kalebu panliten linguistik sinkronis, amerga nliti basa kang digunakake nalika saiki. Panliten iki asipat deskriptif yaiku njlentrehake. Dhata kang dijupuk dening panliten yaiku ukara kang nggunakake tembung saka asile proses kontraksi ing basa Jawa ing wilayah Jombang. Dhata iki dikumpulake kanthi metodhe sadhap.Saka dhata kang diolehi banjur dijlentrehake kanthi teori gramatika transformasi.Teori gramatika transformasi dijlentrehake kanthi metodhe distribusional utawa agih. Sawise iku banjur disugahake kanthi formal lan informal. Wujude proses kontraksi bisa diperang dadi telung perangan, yaiku kontraksi ilange fonem ing ngarep tembung, kontraksi ilange fonem ing tengahe tembung lan kontraksi gabunge wanda saka rong tembung. Guna utawa fungsi saka asile proses kontraksi yaiku fungsi praktis. Fungsi praktis kang dimaksud yaiku praktis pangucapane saka rong wanda dadi sawanda, saka telung wanda dadi rong wanda lan saka rong tembung dadi mung satembung.

Tembung wigati : Basa Jawa, abreviasi  lan kontraksi

Abstrak

Kontraksi bahasa Jawa masih jarang diteliti. Kontraksi merupakan salah satu bagian dari Abreviasi.Dari bagian itu makanya penelitian iki mengambil satu bagiannya saja yaitu kontraksi supaya lebih dalam waktu meneliti. Obyek penelitian yang akan diteliti yaitu bahasa Jawa ngoko di masyarakat wilayah Jombang. Wilayah Jombang ini dipilih karena peneliti merupakan pengguna bahasa asli dari wilayah Jombang yang lebih mengerti leksikon-leksikon khususnya bahasa Jawa yang terkena proses kontraksi di wilayah Jombang. Rumusan penelitian ini yaitu (1) bagaimana wujudnya proses kontraksi bahasa Jawa di wilayah Jombang; (2) apa saja kegunaan atau fungsi dari proses kontraksi bahasa Jawa di wilayah Jombang. Berdasarkan rumusan penelitian itu, maka yang jadi tujuan penelitian ini yaitu (1) menerangkan wujudnya dari hasil proses kontraksi bahasa Jawa di wilayah Jombang; (2) menerangkan fungsinya dari proses kontraksi bahasa Jawa di wilayah Jombang.Landasan teori yang digunakan didalam penelitian ini yaitu gramatika transformasi atau gramatika yang mencakup tataran-tataran tradisional yaitu sintaksis, morfologi, dan fonologi.Morfologi membahas tentang mewujudkan kata baru. Morfologis yaitu proses membentuk kata baru dengan adanya afiksasi, reduplikasi dan pemajemukan. Termasuk juga dalam kegunaan yang bisa dihasilkan dari proses kontraksi.Penelitian tentang proses kontraksi bahasa Jawa di wilayah Jombang ini termasuk penelitian linguistik sinkronis, karena meneliti bahasa yang digunakan pada saat sekarang. Penelitian ini juga bersipat deskriptif yaitu menerangkan. Data yang diambil dari penelitian yaitu kalimat yang menggunakan kata dari hasil proses kontraksi bahasa Jawa ing wilayah Jombang. Data dikumpulkan dengan menggunakan metode sadap.Dari data yang sudah didapat kemudian diterangkan dengan menggunakan teori gramatika transformasi.Teori gramatika transformasi diterangakan dengan metode distribusional atau agih.Setelah itu disajikan dengan formal dan informal.Wujudnya proses kontraksi bisa dibagi menjadi tiga bagian yaitu kontraksi hilangnya fonem di depan kata, kontraksi hilangnya fonem ditengah kata dan kontraksi gabungan suku kata dari dua kata. Guna atau fungsi dari hasil proses kontraksi yaitu fungsi praktis. Fungsi praktis yang dimaksud yaitu praktis dalam pengucapanya dari dua suku kata menjadi satu suku kata, dari tiga suku kata menjadi dua suku kata dan dari dua kata menjadi satu kata.

Kata penting : bahasa Jawa, Abreviasi dan Kontraksi

Published
2014-08-19
How to Cite
SUDARMANTO,. (2014). KONTRAKSI TEMBUNG BASA JAWA ING CECATURAN MASYARAKAT WILAYAH JOMBANG. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 9
PDF Downloads: 18