SASMITA SAJRONE NASKAH SERAT WEDHA TENGARA(Tintingan Filologi)

  • ISTANTI FATKHUL JANAH

Abstract

manungsa ing bebrayan agung. Naskah Serat Wedha Tengara minangka sawijine asil kasusastran sing kalebu ing periodesasi Sastra Jawa Anyar ditulis nganggo aksara Jawa. Naskah iki kaanggit dening Radèn Mas Kusuma Cipta Mangun Raharja ing kampung Jagalan Wétan Sala sinangkalan : 1856 : Rêtuningtya Ngèsthi Donya. Naskah kang kasimpen ing Perpustakaan Sasana Pustaka, Karaton Kasunanan Surakarta  iki nggunakake basa Jawa ragam krama lan ngoko uga saperangan kaprabawan tembung kawi. Lelandhesan teori kang digunakake sajrone panliten yaiku teori filologi kang diandharake dening Robson lan teori semiotik kang diandharake dening Santoso. Dene kanggo ngonceki makna kang kinandhut sajrone naskah gunakake hermeneutika kang diandharake dening Endraswara. Panliten iki kalebu panliten kualitatif  kanthi metode deskriptif  analitik. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku bendel naskah Serat Wedha Tengara, lan dhata utama yaiku tembung-tembung sajrone naskah Serat Wedha Tengara sing kawawas miturut undheraning rembug. Instrumen panliten yaiku panliti lan piranti pambiyantu yaiku pulpen, garisan, stabilo, lan kertas kanggo nyatet babagan kanga arep ditintingi. Teknik ngumpulake dhata yaiku kanthi cara kartu dhata. Dene teknik pengolahan dhata kanthi cara deskriptif. Asil saka panliten iki yaiku deskripsi naskah SWT, suntingan teks naskah SWT, andharan sasmita kang kinandhut sajrone naskah nggunakake teori semiotik, andharan piwulang kang kinandhut sajrone naskah Serat Wedha Tengara.

 

Tembung wigati: Sasmita, Piwulang, Naskah Serat Wedha Tengara, Filologi.

Published
2014-08-22
How to Cite
FATKHUL JANAH, I. (2014). SASMITA SAJRONE NASKAH SERAT WEDHA TENGARA(Tintingan Filologi). JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 27
PDF Downloads: 16