TRADHISI JAMAS PUSAKA ING DESA NGLIMAN, KECAMATAN SAWAHAN, KABUPATEN NGANJUK

  • ISMUDIYANTI

Abstract

Abstrak

Kabudayan minangka asil daya saka akal kang arupa cipta, karsa, lan rasane manungsa. Salah sawijine wujud kabudayan yaiku Tradhisi Jamas Pusaka (TJP). Sajrone TJP ana wujude uba rampe lan tata laku kang nduweni makna kang gegayutan karo filsafat Jawa. Ora saben wong mangerteni ngenani makna kang kinandhut sajrone uba rampe lan tata laku TJP. Simbol-simbol kang kinandhut sajrone TJP nduweni makna kang luhur gegayutan karo panguripane manungsa lan tetengere masyarakat Jawa. Saliyane iku, TJP uga nduweni piguna saengga tetep diugemi dening masyarakat lan mujudake kabudayan kang religius sarta  ngalami owah-owahan. Alasan kasebut narik kawigaten saengga ditindakake panliten iki.

Bab kang dadi underane panliten, yaiku (1) Kena apa masyarakat Jawa mligine ing Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan, Kabupaten Nganjuk nindakake TJP, (2) Kepriye wujude uba rampe, tata laku, lan maknane, (3) Apa pigunane TJP, lan (4) Kepriye owah-owahane TJP. Adhedhasar underane panliten kasebut, mula tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake (1) Alasane masyarakat Jawa mligine ing Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan, Kabupaten Nganjuk nindakake TJP, (2) Uba rampe, tata laku, lan maknane, (3) Pigunane TJP, lan (4) Owah-owahane TJP. Saliyane iku, panliten iki uga nduweni paedah, yaiku kanggo pamarentah, masyarakat, lan kanggo generasi tuwa lan mudha. 

Kanggo ngudhari apa kang ana ing underane panliten, mula digunakake teori folklor andharane Dananjaja kanggo ngudhari wujude TJP, yaiku uba rampe lan tata laku TJP. Kanggo nafsirake simbol kang ana ing TJP digunakake teori Pierce ngenani semiotik, yaiku (1) tandha iku dhewe, (2) bab kang ditandhani, lan (3) sawijining tandha anyar kang dumadi ing batine panampa. Saliyane iku, kanggo ngudhari pigunane TJP digunakake teorine Bascom kang ngandharake ngenani pigunane folkor, yaiku (1) minangka sistem proyeksi, (2) minangka piranti ngesahake pranata-pranata lan lembaga kabudayan, (3) minangka piranti pendhidhikan kanggo anak, lan (4) minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi amrih norma-norma sajrone masyarakat tetep diugemi anggota kolektife. Owah-owahane TJP diudhari manut andharane Koentjaraningrat lan Sukarman ngenani owah-owahane kabudayan. Owah-owahane kabudayan diperang dadi telu yaiku tahap selektif, tahap adhaptif, lan tahap akulturasi. Faktor-faktor kang njalari anane owah-owahane kabudayan kasebut amarga anane faktor intern utawa faktor saka jero, kayata discovery, lan invention, dene faktor ekstern utawa faktor saka jaba yaiku kayata difusi, akulturasi, lan asimilasi. Saliyane iku, uga dijlentrehake ngenani dampak owah-owahane TJP kang ditindakake dening masyarakat, yaiku anane owah-owahane kabudayan kasebut bisa mikuwati, ngapiki, apa malah ngrusak lan ngganggu TJP kasebut. 

Panliten iki  nggunakake ancangan kualitatif, yaiku panliten kang nduweni maksud kanggo mangerteni fenomena ngenani apa kang dialami dening subjek panliten, kanthi holistik lan kanthi cara dheskripsi sajrone wujud tetembungan lan basa, kang alamiah lan nggunakake maneka warna metode alamiah. Metodhe  kang digunakake yaiku metode observasi, metode wawancara, rekaman, lan metode dhokumentasi. Teknik  pangumpulane dhata kang digunakake yaiku langkah-langkah utawa tata carane nindakake observasi, wawancara, rekaman, sarta dhokumentasi. Tata carane ngolah lan nganalisis dhata yaiku ngumpulake dhata kang wis ana, milah lan milih dhata, nglasifikasikake lan nganalisis dhata karo panliten, ngandharake dhata adhedhasar uderane panliten, lan menehi dudutan saka asiling panliten.

TJP ditindakake dening masyarakat jalaran, (1) mujudake tradhisi warisan, (2) mujudake karakter lan sipate masyarakat Jawa, lan (3) TJP minangka sarana kanggo ngibadah. Uba rampene awujud menyan madu lan dupa, jeruk pecel, tebu ireng, warangan, minyak wangi, gunungan, lan berkat. Tata lakune yaiku diwiwiti saka pusaka digawa menyang makam Ki Ageng Ngaliman, arak-arakan, digawa menyang papan panjamasan, sambutan-sambutan, panyerahan pusaka, tontonan, panyerahan pusaka lan wayang marang mranggi, jamasan pusaka, andum gunungan, lan slametan. Uba rampe lan tata laku kasebut nduweni makna kang luhur kang disimbolake ing wujud barang, panganan, lan tumindak. TJP nduweni piguna, yaiku (1) minangka sistem proyeksi, (2) piranti kanggo ngesahake pranata-pranata lan lembaga kabudayan, (3) sarana pendhidhikan ing babagan agama, babagan tata karma, lan babagan sosial, lan (4) piranti kanggo meksa lan ngawasi norma. TJP biyen lan saiki tamtune wis beda jalaran masyarakat minangka panyengkuyunge TJP kasebut uga wis beda. Saliyane iku, uga kerana majune jaman saiki ndadekake kabudayan kasebut asipat dinamis lan ora bisa uwal saka owah-owahan. Beda-bedane TJP biyen lan saiki iku bisa dideleng ing babagan uba rampe, tata laku, lan piranti panyengkuyunge. Faktor saka jero kang njalari owah-owahane TJP yaiku discovery lan invention, dene faktor saka jaba yaiku difusi lan akulturasi.  Dampak owah-owahane TJP bisa mikuwati, ngapiki, nanging uga malah ngrusak lan ngganggu TJP kang wis lumaku suwe. 

Published
2014-08-22
How to Cite
ISMUDIYANTI,. (2014). TRADHISI JAMAS PUSAKA ING DESA NGLIMAN, KECAMATAN SAWAHAN, KABUPATEN NGANJUK. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 32
PDF Downloads: 22