MOTIF INTERAKSI SOSIAL SAJRONE NOVEL BEKASI REMENG-REMENG ANGGITANE SUPARTO BRATA

  • IKA MUSTIKA

Abstract

Abstrak

Novel “Bekasi Remeng-Remeng” mujudake sawijining novel modern kang caritane narik kawigaten. Narik kawigaten kasebut ngenani motif interaksi sosial antar paragane. Motif interaksi sosial kasebut dilandhesi dening faktor imitasi, susgesti lan simpati. Imitasi mujudake proses nyonto, niru, lan melu-melu tumidake wong liya. Sugesti mujudake proses nalika manungsa nampa sawijining pamawas utawa paugeran solah bawa saka wong liya. Simpati minangka wujud rasa kawigaten marang wong liya.

Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, mula bisa ditetepake underane panliten, yaiku: (1) kepriye wujud imitasi kang ditindakake dening paraga sajrone  novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata? (2) kepriye sugesti kang ditindakake dening paraga sajrone crita novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata? (3) kepriye rasa simpatine paraga sajrone crita novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata? Ancas panliten iki, yaiku: (1) ngandharake imitasi kang ditindakake dening paraga sajrone crita novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata; (2) ngandharake sugesti kang ditindakake dening paraga sajrone crita novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata; (3) ngandharake simpatine para paraga sajrone crita novel “Bekasi Remeng-Remeng” anggitane Suparta Brata. Paedah saka panliten iki, yaiku: (1) tumrap Sastra Jawa Modern, panliten iki kanggo nyengkuyung pangrembakan Sastra Jawa Modern; (2) tumrap pamaos kanggo ngonceki karya sastra lan luwih gampang mangerteni isi kang kinandhut sajroning novel; (3) Tumrap piwulangan sastra, panliten iki bisa kanggo nambah bahan apresiasi sastra.

Methode kang digunakake ing panliten iki yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki yaiku novel kanthi irah-irahan “Bekasi Remeng-Remeng” kang mujudake salah siji saka kumpulan roman Suparto Brata’s Omnibus kang diterbitake dening penerbit Narasi taun 2007. Data ing panliten iki awujud kutipan-kutipan saka novel arupa tembung lan ukara kang gegayutan karo faktor imitasi, sugesti lan simpati. Data dikumpulake kanthi cara studi pustaka. Tata cara nganalisis data nggunakake metode analisi dheskriptif lan analisis isi kang nggunakake teori psikologi sosial Hubert Bonner.

Asiling panliten nuduhake, menawa para paraga nalika nindakake interaksi sosial antarane paraga siji lan paraga liyane ana sesambungan kang rinaket. Saben paraga duwe sipat dhewe-dhewe nalika ngadhepi pacoban. Faktor imitasi ditindakake dening paraga Kristanti, dheweke niru apa kang wis ditindakake dening pasangan liya kang nasibe padha kangelan duwe anak. Kristanti ngupaya golek tamba kanthi cara medis lan non medis (nekani wong pinter) supaya bisa ngandhut. Faktor sugesti ditindakake dening paraga Jumaniar. Matine Pandhu kang dirasa ora manusiawi ndadekake Jum tuwuh rasa semangat lan nyugesti awake dhewe. Jum pengin antuk keadilan, malah yen pulisi ora bisa nemokake sapa kang mateni Pandu, Jum bakal nggoleki dhewe apa kang nyebabake matine Pandhu. Faktor simpati dituduhake dening kaluwargane Boing lan Kristanti marang Jumaniar lan Yunisar kang lagi kesusahan. Boing aweh pitulung marang Jumaniar kanggo ngurus kunarpane Pandhu kang bakal dikubur ing Wedi. Saliyane pitulung kang wujud dhuwit, Boing uga kerep mbisiki Jum supaya tetep dadi wong wadon kang sabar lan kuwat masiya dheweke ditinggal mati bojone. Katelune faktor kasbut padha-padha menehi daya pangaribawa marang faktor siji lan liyane. Paraga ing novel BRR nindakake interaksi sosial kanthi tujuwan supaya sakabehe prakara bisa dipungkasi kanthi becik. Faktor kang onjo saka katelune faktor mau yaiku sugesti, saengga sugesti nduweni daya pangaribawa kang gedhe kanggo nuwuhake rasa simpati lan imitasi.

Published
2014-08-22
How to Cite
MUSTIKA, I. (2014). MOTIF INTERAKSI SOSIAL SAJRONE NOVEL BEKASI REMENG-REMENG ANGGITANE SUPARTO BRATA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 28
PDF Downloads: 81