PERJUWANGANE WANITA PLANYAHAN SAJRONE CERBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANE SAWITRI: Tintingan Dhekonstruksi

  • PRATIKA AGUSTINA WULANDARI

Abstract

Abstrak

Perjuwangan nduweni teges usaha kanggo nggayuh kekarepan. Kekarepan  nduweni teges apa kang dadi pangimpen babagan kang apik. Pawongan kang nglakoni kasuksesan uga nglakoni perjuwangan, nanging sajrone perjuwangan uga ngalami alangan-alangan kang ngalangi perjuwangan. Perjuwangan kang dilakoni saben manungsa iki bisa uga kawedhar ing salah sawijine karya sastra. Cerbung Lintang-lintang dadi seksi iki nyritakake bab perjuwangan kang dilakoni paraga utama yaiku Sumilah. Perjuwangan kang dilakoni Sumilah iki dilakoni kanggo kulawargane, kanggo nasibe, lan kanggo tresnane. Adhedhasar perjuwangan kang dilakoni Sumilah kasebut, mula panliten iki bakal ditliti kanthi tintingan dhekonstruksi.

Ancase saka panliten iki, yaiku; (1) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo kulawargane ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri ; (2) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo nasibe ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri ; (3) Ngandharake perjuwangane paraga Sumilah kanggo tresnane ing cerbung Lintang-lintang dadi seksi anggitane Sawitri. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa migunani tumrap; (1) ilmu kasusatran Jawa modern; (2) tumrap piwulang sastra; (3) tumrap pamaos.

Panliten iki bakal nggunakake teori dhekonstruksi Jacques Derrida yaiku teori kang ngangkat perkara-perkara kang dianggep kapinggirake ing karya sastra, akeh-akeh bakal ngangkat pawongan kang kapinggirake ana ing karya sastra. Sumber dhata kang digunakake arupa teks cerbung kanthi irah-irahan Lintang-lintang dadi seksi kang cacahe ana 15 edhisi. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara lan wacana cerbung LLDS. Tata cara analisis dhata nggunakake metodhe kualitatif dheskriptif kanthi cara maca cerbung, ngumpulake dhata, lan nganalisis dhata.

Miturut tintingan kang wis diandharake ing panliten bisa didudut menawa sacara dhekonstruksi paraga Sumilah sing satleraman nduweni pakulinan kang ala, nanging sejatine paraga Sumilah nduweni peranan kang wigati nalika merjuwangake kulawargane, nasibe, lan tresnane. Sumilah rila dadi wanita planyahan amrih kulawragne bisa urip mulya lan adhine-adhine sekolah dhuwur. Asile saka dadi wanita planyahan kanggo ngirimi ibune ing kampung, kanggo ngragati uripe ing Yogja. Sumilah dadi wanita planyahan uga merjuwangake tresnane, dheweke mikir yen wis urip kepenak akeh dhuwit mesthi akeh sing gelem karo dheweke, amarga Sumilah uga kalebu kenya ayu. Sejatine Sumilah uga mangerteni penggaweyan sing dilakoni iki kebak resiko, nanging kahanan kang nyebabake dheweke kudu berjuwang.

Tembung Wigati: katresnan, pendhidhikan, resiko

Published
2017-05-12
How to Cite
AGUSTINA WULANDARI, P. (2017). PERJUWANGANE WANITA PLANYAHAN SAJRONE CERBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANE SAWITRI: Tintingan Dhekonstruksi. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 40
PDF Downloads: 60