Nilai Moral sajrone Crita Rakyat Gugur Luhur Anggitane Hastaraharjo(Tintingan Sosiologi Sastra)1NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT GUGUR LUHUR ANGGITANE HASTARAHARJO(Tintingan Sosiologi Sastra)

  • PUPUT SUGIH ELIAH

Abstract

Sastra la ir saka masyarakat, mula saka kuwi sastra ora bisa dipisahake saka masyarakat. Kaya dene moral ora bisa dipisahake saka bebrayan. Ing bebrayan saiki moral ing masyarakat ora sepira digatekake. Liwat karya sastra dikarepake bisa menehi tuladha kang becik tu mrap masyarakat. Salah sijine jinis karya sastra kang akeh ngemot bab nilai moral yaiku crita rakyat. Ancase panliten iki yaiku: 1) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa karo Pangeran, 2) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa lan manungsa liy a, 3) ngandharake nilai moral sesambungan manungsa lan awake dhewe, 4) nilai moral apa kang bisa ditrepake ing urip bebrayan saiki. Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra. S umber dhata panliten iki yaiku crita rakyat Gugur luhur dening Hastarahardjo. Dhata panliten iki arupa cuplikan sajrone crita rakyat kang arupa dialog antar tokoh, monolog, lan narasi saka pangripta. Metodhe analisis dhata nggunakake metodhe analisis isi. Asile panliten nuduhake yen sajrone crita rakyat Gugur Luhur ngemot, Nilai moral sesambungan manungsa karo Pangeran bisa digambarake kaya kapercayan Pangeran, taat, nindakake tradhisi, muji sokur. Nilai moral sesambungane manungsa karo manungsa liya bisa d igambarake kaya kekancan, kaluwargan, katresnan, kiyanant, kasetyan, apus - apus, tulung - tinulung, musyawarah, bela bangsa. Nilai moral sesambungan manungsa karo awake dhewe bisa digambarake kaya ajining dhiri, dhendham, andhap asor, kawicaksanan, tanggung j awab, kawanenan, wedi, sabar lan gigih. Nilai moral kasebut ana kang bisa di trepake ing urip bebrayan saiki kayata, percaya marang Pangeran, nindakake tradhisi, taat, muji sokur, kekancan, katresnan, kaluwargan, kasetyan, tulung - tinulung, musyawarah, bela bangsa, ajining dhiri, andhap asor, kawicaksanan, tanggung jawab, kawanenan, sabar, lan gigih. Tembung wigati: Nilai moral, crita rakyat, gugur luhur, Hastaraharjo.

Published
2017-07-25
How to Cite
SUGIH ELIAH, P. (2017). Nilai Moral sajrone Crita Rakyat Gugur Luhur Anggitane Hastaraharjo(Tintingan Sosiologi Sastra)1NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT GUGUR LUHUR ANGGITANE HASTARAHARJO(Tintingan Sosiologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 80
PDF Downloads: 103