KAPITAYAN TRADHISI ADEG GRIYA MADHEP NGALOR ING DHUSUN JOMBOK DESASEMBUNGIN KECAMATAN BANCAR KABUPATEN TUBAN

  • RIDHA NOVITA SARI

Abstract

Kabudayan Jawa kalebu salah sawijining kabudayan adiluhung kang diduweni bangsa Indonesia. Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor (KTAGMN) ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban minangka folklor saperangan lesan kang dadi salah sawijining bab wigati kanggo ditliti. Bab - bab kang narik kawigaten, yaiku : (1) KTAGMN iki durung tau ditliti, (2) KTAGMN ngemu piwulang kang becik tumprap masyarakat panyengkuyunge. Underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (2) Apa wae ubarampe kang dibutuhake lan makna simbolik ubarampe KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (3)Kep riye tatalaku KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (4) Kepriye fungsi kang kinandhut sajroning KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban. Tujuwan saka panliten iki yaiku: (1) Njlentr ehake mula bukane KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (2) Njlentrehake ubarampe kang dibutuhake lan makna simbolik ubarampe KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (3) Njlentreha ke fungsi kang kinandhut sajroning KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban. Paedah panliten kanggo: (1) Nambahi kawruh budaya Jawa utamane ngenani KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tub an; (2) Nyathet lan nglestarekake budaya Jawa utamane ngenani KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (3) Panliten iki bisa aweh paedah kanggo sapa wae kang mbutuhake kawruh ngenani makna lan fungsi KTAGMN ing dhusun Jo mbok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku dheskripti kualitatif. Informan sing ana sesambungane karo panliten minangka sumber dhata panliten iki. Dhatane panliten diwawancarai gegayutan karo underane panliten. Dhatane saka wong - wong yaiku awujud tembung - tembung lan tumindake wong diwawancarai gegayutan karo underane panliten. Panliti sajrone panliten iki dadi instrument utama amarga panliti dhewe sing nyemplung lan nindakake langsung tumprap objek panliten lan sing dadi instrumen panyengkuyung yaiku pedhoman wawancara, kamera, Hp (Hand Phone), lan sapanunggalane. Teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku kanthi cara observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Tata cara analisis dhata s ing ditindakake sajrone panliten iki nduweni tahap - tahap, yaiku dhata sing wis nglumpuk digolongake adhedhasar masalah sing pengin dionceki, analisis utawa ngonceki asile dhata adhedhasar underane panliten, lan menehi dudutan saka sekabehe dhata sing ana. Lelandhesaning teori kang digawe dhasar sajroning analisis panliten iki yaiku nggunakake teori folklore Bruvand kanggo nintingi wujud tatalakuning KTAGMN. Makna kang kinandhut sajroning ubarampe KTAGMN bakal dilandhesi karo teori semiotik panemune Pierce, lan konsep fungsi kang bakal digunakake yaiku konsep fungsi Bascom. Asile panliten bisa diperang dadi papat adhedhasar underane panliten. Kaping (1) Kepriye mula bukane KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (2) Apa wae ubarampe kang dibutuhake lan makna simbolik ubarampe KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (3)Kepriye tatalaku KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban; (4) Kepriye fungsi kang kinandhut sajroning KTAGMN ing dhusun Jombok, desa Sembungin, kecamatan Bancar, kabupaten Tuban.

Published
2017-07-25
How to Cite
NOVITA SARI, R. (2017). KAPITAYAN TRADHISI ADEG GRIYA MADHEP NGALOR ING DHUSUN JOMBOK DESASEMBUNGIN KECAMATAN BANCAR KABUPATEN TUBAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 82