KOHESIKONJUNGTIFSAJRONERUBRIKKASARASANING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGATEDHISIOKTOBER NGANTI DESEMBER TAUN 2015

  • RANI KUSUMA ASTUTI

Abstract

Panganggone konjungsi sajrone rubrik kasarasan nduweni sesambungan karo proses pengembangan gagasan sajrone kagiyatan ngarang, mligine sajrone ngandharake ukara. Kamangka kanggo mujuda ke keserasian lan keterkaitan antarunsur basa supaya pesan kang ana ing njerone bisa dipahami dening pamaca, dibutuhake konjungsi . Underan panliten ana 2 yaiku kepriye wujude lan panganggone konjungsi antara ukara siji karo ukara liyane sajrone rubrik Kas arasan? Tujuwane yaiku ngandharake wujude lan panganggone konjungsi antar a ukara siji karo ukara liyane. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif . Banjur tata cara nglumpukake dhata kanthi nggunakake metode simak kanthi maca sumber dhata lan ny athet dhata sing tinemu. Undhering panliten ngenani wujud lan panganggone konjungsi bakal nggunakake panemune Wedhawati, lkk (2006:609). Asile panliten sing kapisan yaiku wujud - wujude kohesi konjungtif kang awujud sesambu ngan aditif , kausal , kontrastif , la n temporal . Dene asile panliten sing kapindho bab panganggone konjungsi. P anganggone konjungsi aditif nggabungake tembung utawa gatra kang nduweni kalungguhan padha. P anganggone konjungsi kausal nyambungake sawijine sesambungan kang asipat sebab akibat. P a nganggone konjungsi kontrastif nggandheng rong gatra kang ngandharake sawijing kahanan kang kontras. P anganggone konjungsi temporal nyambungake sesambungan kang nduweni gegayutan karo wektu. Tembung wigati: Konjungsi, wujud lan panganggone konjungsi

Published
2017-07-25
How to Cite
KUSUMA ASTUTI, R. (2017). KOHESIKONJUNGTIFSAJRONERUBRIKKASARASANING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGATEDHISIOKTOBER NGANTI DESEMBER TAUN 2015. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 40
PDF Downloads: 33