JEJODHOAN SAJRONE CERBUNGENTING ENTINGANGGITANE A. SOETARNO(TINTINGAN SOSIOLOGI-ANTROPOLOGI)

  • ARUM FARA SINTUNI

Abstract

Crita sambung Enting Enting anggitane A. Soetarno narik kawigaten kanggo ditliti awit ngandhut bab - bab ngenani jejodhoan. Jejodhoan sajrone cerbung kasebut uga ora bisa uwal saka pa ngaribawane kulawarga lan kapitayan Jawa. Anane perangan kasebut nduduhake yen adat lan tradhisi Jawa tansah diugemi dening bebrayan Jawa. Prakara kasebut cocog yen ditliti kanthi tintingan sosio - antropologi. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka underan panliten yaiku: kepriye struktur pamangune cerbung EE, kepriye wujude jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, kepriye pangaribawane kulawarga tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, kepriye pangaribawane kapit ayan Jawa tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat. Ancas panliten iki yaiku: ngandharake struktur pamangune cerbung EE, ngandharake wujude jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, ngandharake pangaribawane kulaw arga tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, ngandharake pangaribawane kapitayan Jawa tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digun akake arupa teks cerbung Enting Enting anggitane A.Soetarno lan cacahe 17 seri. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara arupa cecaturan utawa naratif kang nggambarake jejodhoan ing cerbung Enting Enting . Tata cara analisis dhata nggunakake metodhe herme neutika kanthi cara nglumpukake dhata, nglasifikasi dhata, nafsirake dhata kang wis diolehake kanthi andharan. Instrumen korpus dhata dadi srana kanggo nlumpukake dhata. Asile panliten iki yaiku, kang kapisan ngenani tema kang ana yaiku ngenani jejodhoan. Paraga kang nindakake lan mangaribawani jejodhoan yaiku Suntoro, Siska, Suranti, Darmono, Wong tuwane Suranti, Bu Mintro, Mbah Slamet lan Mbah Gonda. Wujud jejodhoan kang ana yaiku milih jodho, nyuwun pangestu, lamaran, nemtokake dina becik, persiapan acar a mantu, ijab kabul lan temu manten. Pangaribawane kulawarga tumrap jejodhoan yaiku nggolekake jodho, paring pangerten kanggo jejodhoan, paring pangestu kanggo jejodhoan. Pangaribawane kapitayan tumrap jejodhoan yaiku percaya marang dhukun lan percaya ilm u petungan. Tembung wigati : jejodhoan

Published
2017-07-25
How to Cite
FARA SINTUNI, A. (2017). JEJODHOAN SAJRONE CERBUNGENTING ENTINGANGGITANE A. SOETARNO(TINTINGAN SOSIOLOGI-ANTROPOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 71
PDF Downloads: 72