SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL

  • ANDI SUSILO

Abstract

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial minangka panggolongan barang - barang ing pawon kang nduweni eneran. Panggolongan kasebut nduweni kalu ngguhan kang wigati tumrap panguripane manungsa. Set minagka pasinaon kanggo merang barang - barang adhedhasar jinis, sipat, lan panganggone. Perangan - perangan kasebut saka wilayahe teges sajrone ilmu semantik. Set kalebu sesambungan paradigmatik. Anane pa nggolongan kasebut bisa nggampangake manungsa kanggo mbedakake saha mangerteni piguna saka prabot pawon kang durung dingerteni sadurunge. Adhedhasar panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) Apa wae golongan prabot pawon adhedhasar makna referensial, lan 2) Kepriye sesambungan paradigmatike. Dene tujuwane panliten iki yaiku, njlentrehake golongane prabot pawon adhedhasar makna referensial lan njlentrehake sesambungan paradigmatike. Panliten ngenani prabot pawon adhedhasar makna referensial iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku arupa wawancara karo pawongan kang mangerteni prabot pawon. Dene teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik semak sing diperang dadi lima, yaiku sadhap, semak libat cakap, semak bebas cakap, rekam, lan teknik cathet saliyane iku uga nduweni sipat njlentrehake utawa ngandharake kanthi cara analisis merang lan nuduhake barang. Panliten iki ora mung njlentrehake jinise prabot pawon adhedhasar makna refrensial, anan ging uga nganalisis supaya luwih cetha anggone merang saha nyinaoni apa kang ditegesi makna referensial mligine ngenani barang, lan apa wae barang sing bisa digawe titikan kanggo ngandharake makna referensial Panliten ngenani prabot pawon adhedhasar makna referensial iki nduweni sipat deskriptif amarga ditindakake utawa diandharake adhedhasar fakta utawa wantah yaiku makna kang sabenere. Teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku perangan sak wilayah teges sajrone ilmu semantik kang diandharake Pateda lan makna kang langsung marang kasunyatan , kedadeyan, barang, tandha, ciri, lan sapanunggale. Makna referensial yaiku makna kang langsung tumuju marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane kalawan kasunyatan lan wis disarujuki ing bebr ayan. Asile panliten sing sepisan yaiku golongane set prabot pawon iku apa wae lan kepriye sesambungan paradigmatike . Kamangka cacahe prabot pawon kasebut uga akeh, ana panliten iki panulis ngandharake saha nganalisis prabot pawon kurang luwih cacahe ana 75. Saka dhata - dhata kang wis diandharake mau banjur diperang adhedhasar jinis saha wujud, lan pangango saha bakale. Kabeh perangan mau dikarepake supaya panulis bisa gampang anggone analisis saha pamaca bakale ngerti kepriye kang dimaksud ana panliten iki mau. Tembung - tembung sing wigati: Set prabot pawon adhedhasar makna referensial, lan sesambungan paradigmatik.

Published
2017-07-25
How to Cite
SUSILO, A. (2017). SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 58